CANES VENATICI

Peta Canes Venatici
CekakanCVn
GenitifCanum Venaticorum
Asensio rekta13
Deklinasi+40
Area465 derajad pesagi (#38th)
Lintang utama2
Lintang
Bayer/Flamsteed
21
Lintang
mawa planèt
4
Lintang padhang1
Lintang cedhak2
Lintang paling padhangCor Caroli (α CVn) (2.90m)
Lintang paling cedhakDG CVn ( tc)
Obyèk Messier5
Udan météorCanes Venaticids
Rasi lintang
sing wewatesan
Ursa Major
Boötes
Coma Berenices
Katon antara lintang +90° lan −40°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi May.
'

Canes Venatici (/[unsupported input]ˈknz vˈnæts/) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih lor. Rasi lintang punika dipundamel déning astronom Polish, Johannes Hevelius ing abad kaping pitulas. Ing basa Latin, Canes Venatici tegesipun kirik pemburu. Rasi lintang punika kalebet 88 rasi lintang modhèren ingkang sampun dipuntetepaken. Sadèrengipun Hevelius ndamel Canes Venatici inggih kalebet wonten ing pérangan rasi lintang Bootes.

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Rasi lintang Canes Venatici gadhah tlatah ingkang ambanipun kirang langkung 465 drajat persegi lan boten ngewrat kathah lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang punika saged dipuntingali wonten ing garis lintang antawisipun +90° lan-40° lan badhé katingal paling sa manawi dipuntingali ing jam 9 dalu ing salebeting sasi Mèi. Déné lintang-lintang ingkang wonten ing rasi lintang punika ing antawisipun inggih kados makaten:

Canes Venatici inggih taksih kalebet kulawarga rasi lintang Ursa Major sesarengan kaliyan rasi lintang Ursa Major, Ursa Minor, Draco, Bootes, Coma Berenices, Corona Borealis, Camelopardalis, Leo Minor lan Lynx. Déné rasi lintang sanèsipun ingkang mapan wonten ing sak kiteripun Canes Venatici inggih punika rasi lintang Ursa Major, Bootes, lan Coma Berenices.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Ridpath 2001, kc. 96–97
  2. Canes Venaticorum Archived 2012-04-22 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 24 Pebruari 2013)