Aleksandr Pushkin | |
---|---|
Lair | Alexander Sergeyevich Pushkin 6 Juni 1799 Moskow, Kakaisaran Ruslan |
Pati | 10 Fèbruari 1837 Santa Petersburg, Kakaisaran Ruslan | (umur 37)
Pakarya | penyair, novèlis, dramawan |
Basa | Ruslan, Prancis |
Bangsa | Ruslan |
Almamater | Tsarskoye Selo Lyceum |
Mangsa | Golden Age Geguritan Ruslan |
Gènre | Novèl, novèl sajeroning ayat, Geguritan, Drama, cerkak, Dongèng |
Obahan sastra | Romantisisme, pra-realisme |
Karya gedhé | Eugene Onegin, The Captain's Daughter, Boris Godunov, Ruslan and Ludmila |
Bojo | Natalia Pushkina (1831–1837) |
Anak | Maria, Alexander, Grigory, Natalia |
Dulur | Sergei Lvovich Pushkin, Nadezhda Ossipovna Gannibal |
Tandha tangan |
Aleksandr Sergeyevich Pushkin (basa Ruslan: Алекса́ндр Серге́евич Пу́шкин rungokna (pitulung·info)) (6 Juni [K.J.: 26 Mèi] 1799 – 10 Fèbruari [K.J.: 29 Januari] 1837) iku siji pengarang Romantis Ruslan kang dianggep akèh wong minangka penyair gedhé dhéwé Ruslan lan pangadeg sastra Ruslan modhèren. Pushkin ngrintis panggunaan basa vernakular sajeroning geguritan-geguritan lan drama-dramané, nyiptakaké siji gaya carita—nyampuraké drama, roman, lan satir—kang wiwit wektu iku digandhèngaké karo sastra Ruslan lan banget mangaruhi para penulis Ruslan ing tembé mburi.
Bapakné Pushkin iku keturunan saka salah siji kulawarga bangsawan tuwa dhéwé Ruslan kang nlusuri sajarahé marang Biara Khutyn nalika abad angka 12, sauntara simbah kakungé ibuné iku Ibrahim Petrovich Gannibal, pawongan Afrika kang diculik lan didadèkaké batur tukon nalika dhèwèké isih cilik. Dhèwèké digawa menyang Ruslan lan dadi siji pamimpin militèr gedhé, ahli tèknik lan bangsawan sawisé dhèèwèké diadhopsi déning Peter Agung.
T.J. Binyon tau nulis biografiné sajeroning basa Inggris:
M.I.P. Company http://www.mipco.com nerbitaké Secret Journal nalika taun 1986. Kawit iku diterbitaké ing 24 nagara. Nalika taun 2006 èdhisi dwi-basa Ruslan-Inggris diterbitaké ing St. Peterburg, Ruslan déning Retro Publishing House http://www.retropublishing.com
Wikisumber gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Aleksandr Pushkin |