Washington Irving | |
---|---|
Pakarya | Panulis carita cekak, pangesai, biografer, panyunting kalawarti, diplomat |
Obahan sastra | Romantisisme |
Tandha tangan |
Washington Irving (3 April 1783 – 28 November 1859) iku sawijining panulis, pangesai, biografer lan sajarawan Amérikah Sarékat nalika abad angka 19. Dhèwèké diteoungi amarga carita cekak "The Legend of Sleepy Hollow" lan "Rip Van Winkle", kaloroné mijil ing bukuné The Sketch Book of Geoffrey Crayon, Gent. Karya-karyané antarané ya iku biografi George Washington, Oliver Goldsmith lan Muhammad, lan sapérangan sajarawan Spanyol abad angka 15 sing nyritakaké tokoh kaya déné Christopher Columbus, Moor, lan Alhambra. Irving uga njabat minangka dubes AS kanggo Spanyol wiwit taun 1842 tekan 1846.
Dhèwèké gawé dhebut pisanané taun 1802 kanthi sarangkèn layang pangamatan marang Morning Chronicle, ditulis mawa pseudonim Jonathan Oldstyle. Sawisé pindhah menyang Inggris amarga bisnis kulawarga taun 1815, dhèwèké éntuk kamisuwuran internasional kanthi diterbitaké The Sketch Book of Geoffrey Crayon, Gent. taun 1819. Dhèwèké terus nerbitaké karya kanthi rutin—lan mèh tansah suksès—sadawané uripé, lan ngrampungaké biografi George Washington kanthi gunggung limang volume wolung sasi sadurungé patiné nalika umur 76 taun ing Tarrytown, New York.
Irving, bebarengan James Fenimore Cooper, lumebu ing antarané para panulis pisanan Amérikah Sarékat sing duwé prabawa ing Éropah, lan Irving mbombong para panulis Amérika kaya déné Nathaniel Hawthorne, Herman Melville, Henry Wadsworth Longfellow, lan Edgar Allan Poe. Irving uga disenengi déning sapérangan panulis Éropah, kaya déné Sir Walter Scott, Lord Byron, Thomas Campbell, Francis Jeffrey, lan Charles Dickens. Minangka panulis paling laris internasional pisanan AS, Irving ngakoni nulis minangka profèsi sing sah, lan njaluk ukum sing luwih kuwat kanggo ngreksa panulis Amérika saka palanggaran hak cipta.
Judhul |
Tanggal terbit |
Déning |
Genre
|
---|---|---|---|
Letters of Jonathan Oldstyle | 1802 | Jonathan Oldstyle | Layang Observasi |
Salmagundi | 1807–1808 | Launcelot Langstaff, Will Wizard | Satir |
A History of New York | 1809 | Diedrich Knickerbocker | Satir |
The Sketch Book of Geoffrey Crayon, Gent. | 1819–1820 | Geoffrey Crayon | Carita cekak/Esai |
Bracebridge Hall | 1822 | Geoffrey Crayon | Carita cekak/Esai |
Tales of a Traveller | 1824 | Geoffrey Crayon | Carita cekak/Esai |
The Life and Voyages of Christopher Columbus | 1828 | Washington Irving | Biografi/Sajarah |
The Chronicles of the Conquest of Granada | 1829 | Fray Antonio Agapida[1] | Sajarah romantis |
Voyages and Discoveries of the Companions of Columbus |
1831 | Washington Irving | Biografi/Sajarah |
Tales of the Alhambra | 1832 | "The Author of the Sketch Book" | Carita cekak/Lelaku |
The Crayon Miscellany[2] | 1835 | Geoffrey Crayon | Carita cekak |
Astoria | 1836 | Washington Irving | Biografi/Sajarah |
The Adventures of Captain Bonneville | 1837 | Washington Irving | Biografi/Sajarah Romantis |
The Life of Oliver Goldsmith | 1840 (dirévisi 1849) |
Washington Irving | Biografi |
Biography and Poetical Remains of the Late Margaret Miller Davidson |
1841 | Washington Irving | Biografi |
Mahomet and His Successors | 1850 | Washington Irving | Biografi |
Wolfert's Roost | 1855 | Geoffrey Crayon Diedrich Knickerbocker Washington Irving |
Biography |
The Life of George Washington (5 volume) | 1855–1859 | Washington Irving | Biografi |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Washington Irving. |
Jabatan diplomatik | ||
---|---|---|
Kang sadurungé Aaron Vail |
Dubes AS kanggo Spanyol 1842–1846 |
Kang sawisé Romulus M. Saunders |