Sate Tegal ialah sate khas sekang daerah Tegal sing digawe sekang daging kambing utawa domba enom. Potongan daginge digawe serupa karo bentuk dadu, ukurane ± 1,5 s/d 2 cm, disusun nang tusukan sate sing digawe sekang batang wuluh. Susunane diselang-seling karo potongan gajih karo ati. Sate dibakar nganggo bara arang kayu utawa batok kelapa, bisa mateng banget bisa juga setengah mateng, tergantung selera. Bumbune antarane: kecap manis, cabe rawit, brambang karo tomat. Nang Tegal, sate di dol nganggo satuan kodi, kira-kira 20 tusuk Sate.

Warung sate Tegal sing terkenal antarane:

Mbokan sedulur mlaku-mlaku neng alun-alun Tegal, coba mampir tuku sate congor rasane manteb nemen.... dodole neng tengah-tengah pasar alun-alun, sing dodol wajahe mirip pelawak Ogud (sorry ya dudu ngledhek, cuma eben gampang diinget bae). (Sumber : Maz Noer bocah asli pencolotan pinggire PAI, umahe neng Bandung kerjane lagi neng Jakarta)

Artikel kiye, esih tulisan rintisan. Rika teyeng mbantu Wikipedia ngembangna artikele.
mBalik ming: Panganan Banyumasan ; Panganan lan Plesiran Tegal