Kuwarasan | |
---|---|
— Kecamatan — | |
Peta lokasi Kecamatan Kuwarasan |
|
Negara | Indonesia |
Propinsi | Jawa Tengah |
Kabupaten | Kebumen |
Pemerentahan | |
- Jeneng Camat | TRIYONO, SH |
Wewengkon | 33.840 km² |
Desa/kelurahan | 22 |
Kuwarasan kuwe salah siji kecamatan nang Kabupaten Kebumen, Provinsi Jawa Tengah, Indonesia. Lokasi kantor kecamatane kuwe nang Jl. Puring No. 125 Telp. 0287 - 471056 desa Kuwarasan arah wetan ndalan, kidul Puskesmas nek sing nang kulon ndalan cedek pasar kebrek (mengidul sitik) kuwe balai desane Kuwarasan dudu kantor camat. Kecamatan Kuwarasan kuwe nang sebelah kidule kota kecamatan Gombong.
Sejaraeh kecamatan kuwarasan kuwe ya ora adoh sekang sejarah desa kewarasan. Sing konon ceritane jaman ndisit ana paceklik wabah penyakit sing nggerogoti warga kuwarasan yakuwe pada mriyangen, nek mriyang esuk sorene ninggal, nek mriyang sore esuk-esuke mati, banjur kerawuhan ngulama papat sing bakal dadi paku bumine tlatah kuwarasan, terus warga dadi padha waras lantaran ditulungi nang ngulama papat sing tinutur, wabah penyakit ganas kuwe sirna mangkane ing akhir carita desa kuwe diarani kewarasan banjur men mandan gaul apa anu pancen ilate wong siki wis pada ngalih jeneng kewarasan malik dadi kuwarasan. Ora bener nek diarani kuwarasan amarga jalaran warga masyarakate anu padha kenthir / gemblung.
ma pirang pirang lembaga pendidikan nang kecamatan kuwarasan sekang jenjang TK, SD, SMP, SLTA[1] ing antarane ya kuwe:
Alamat Desa Pondokgebangsari, Kuwarasan
Alamat Jl. Karangbolong 120, Tambaksari, Kuwarasan, Kebumen
Alamat Ds. Kuwaru, Kuwarasan
Alamat Jl. Karangbolong 120, Tambaksari, Kuwarasan, Kebumen
Alamat Madureso, Kuwarasan
Alamat Jl Panembahan, Kuwarasan
Alamat Jl Candiwulan, Kuwarasan
uga ana pirang*pirang lembaga pendidikan agama utawa pondok pesantren[2] ing antarane:
Alamat Purwadadi Rt. 03/Rw. 01
Alamat Jl. Karangbolong 120, Tambaksari, Kuwarasan, Kebumen
Alamat Ori Rt. 04/Rw. 01
Alamat Kuwarsaan
Alamat Pondok Gebang Sari
Alamat Gandusari
Nang sajerone wilayah kecamatan Kuwarasan kuwe akeh pirang-pirang pasar ing antarane yakuwe:
bukake: saben dina rebo lan ahad.
Lokasi: Jl. Puring desa Kuwarasan. (wetan ndalan).
bukake: saben dina.
Lokasi: Jl. Puring, prapatan purwogondho, desa Kalipurwo
bukake: -
Lokasi: prapatan desa ngOri.
bukake: saben esuk.
Lokasi: - wetan kali