Dina kuwe salah siji unit utawa ukuran wektu. Sedina kuwe suwene 24 jam utawa 1.440 menit utawa 86.400 detik.
Nang pemahaman Jawa akeh werna-werna dina kuwe sing keton sekang peninggalan-peninggalan jaman kuna kaya prasasti. Ana telu jenis dina:
Saptawara kuwe pengerten dina sing umum/lumrah dienggo, cacaeh ana pitung (7-sapta) dina:
Pancawara kuwe umum diarani dina pasaran utawa Peken, cacaeh ana lima(5):
Sadwara kuwe cacaeh ana enem dina. Ahli arkeologi nduga anggwe sadwara kuwe asli sekang Jawa. Siki Sadwara wis ora dienggo maning. Nang Bali, etungan dina kiye esih dienggo.