Yuri Alekseyevich Gagarin (aksara Sirilik: Юрий Алексеевич Гагарин; Alihaksara ISO: Ûrij Alekseevič Gagarin), 9 Maret 1934-27 Maret 1968) iku kosmonot Uni Soviet sing dilairaké ing Gzhatsk, Ruslan.
Tanggal 12 April 1961, Gagarin minangka manungsa pisanan sing lunga menyang luar akasa nganggo pesawat rokèt Vostok 1.[1] Yuri Gagarin séda nalika latihan nganggo pesawat MiG-15 ing cedhak Moskwa, 1968.