Yusuf Bilyarta Mangunwijaya, Pr.
Lair6 Mèi 1929
Ambarawa, Kabupatèn Semarang
Pati10 Fèbruari 1999
Jakarta
Pakaryanrohaniawan, budayawan, pamulang, arsitèk, penulis

Yusuf Bilyarta Mangunwijaya (Ambarawa, Kabupatèn Semarang 6 Mèi 1929-Jakarta 10 Fèbruari 1999), punika budayawan, arsitèk, panulis, rohaniwan, aktivis lan pambéla wong cilik. Y.B. Mangunwijaya punika pambarep saking 12 sadhèrèk putra pasangan Yulianus Sumadi lan Serafin Kamdaniyah.

Yusuf Bilyarta Mangunwijaya ingkang akrab kanthi asma Romo Mangun, kaloka déning novelipun ingkang sesirah Burung-Burung Manyar. Naté nampi anugerah bebingah sastra sa-Asia Tenggara Ramon Magsaysay wonten ing taun 1996. Piyambakipun kathah nglairaken novèl ing antawisipun: Ikan-ikan Hiu, Ido, Homa, Roro Mendut, Durga/Umayi, Burung-Burung Manyar lan esai-esai ingkang sumebar wonten ing sawatawis ariwarta Indonésia. Bukunipun Sastra dan Religiositas mimpanganken bebingah buku non-fiksi ingkang saé piyambak taun 1982.

Wonten ing babagan arsitèktur, piyambakipun ugi asring dipunjuluki Bapak arsitèktur modhèren Indonésia. Salah satunggil bebingah ingkang naté katampi inggih punika Aga Khan Award, ingkang wujud bebingah paling inggil karya arsitèktural ing donya ingkang nembé tuwuh (donya tumuwuh), kanggé rancangan pamukiman ing gisiking Kali Code, Yogyakarta.

Romo Mangun angraos kuciwa bab sistem pendhidhikan ing Indonésia, pramila lajeng nuwuhaken gagasan-gagasan énggal. Piyambakipun tumunten ambangun Yayasan Dinamika Edukasi Dasar. Sadèrèngipun, Romo ambangun gagasan SD ingkang eksploratif dhumateng wargi kurban proyèk waduk Kedung Amba, Jawa Tengah, sarta sing ndunungi ingkang kacingkrangan ing gisiking Kali Code, Yogyakarta.

Perjuanganipun ing babagan mbela kaum mlarat, katindhes lan kapinggiraken kanthi pulitik swara hati nurani andadosaken piyambakipun dados oposisi salami pamaréntahan Soeharto.

Pendidikan

[besut | besut sumber]

Biografi

[besut | besut sumber]

Karya Arsitektur

[besut | besut sumber]

Bebingah

[besut | besut sumber]

Buku lan tulisan

[besut | besut sumber]

Buku Bab Romo Mangun

[besut | besut sumber]

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]