Worawari gantung | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Malvales |
Famili: | Malvaceae |
Génus: | Hibiscus |
Spésies: | H. schizopetalus |
Jeneng binomial | |
Hibiscus schizopetalus (Mast.) Hook.f. |
Wora-wari gantung (Hibiscus schizopetalus)[1] ya iku spésiès wora-wari kang asalé saka laladan tropis Afrika wétan, mligi ing Kenya, Tanzania lan Mozambik.
Wit wora-wari gantung rupa grumbul kang dhuwuré bisa nganti 3 metres (9.8 ft).
Kembangé werna abang utawa jambon kanthi kelopak kang kayadéné disuwir-suwir[2][3] lan katon tansah nggantung amarga gagangé kang dawa lan cilik. Kayadéné racaké tuwuhan wora-wari, kembang wora-wari gantung uga ora bisa ngasilaké woh. Déné tumangkaré bisa nganggo cara stèk lan cangkok. Godhongé mèh padha karo godhong wora-wari (H. rosa-sinensis) nanging luwih cilik lan luwih arang.
Wora-wari gantung ditandur kanggo tuwuhan ornamental, ing taman lan kebon ing laladan tropis lan subtropis. Ing padésan ing Jawa, tuwuhan wora-wari gantung dugunakaké kanggo pager sapinggiré lurung lan kikis pomahan.
Bahan kimia kang kakandhut ing kembang wora-wari gantung durung akèh dimangertèni. Efèk farmakologis saka tuwuhan iki antarané antiradang (anti-inflamasi), ngilangi abuh, ngetokaké nanah lan ngrangsang thukulé sèl anyar. Godhongé kena kanggo tamba absès, wudun (furunculus), abuh, radhang ginjel (nephritis), gudhig nanahen (poiderma), radang sendi lan rématik arthritis.[4][5]
((cite book))
: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: numeric names: authors list (link)