Wong Samin iku salah siji kelompok budaya kang urip ing wewengkon Blora, Jawa Tengah lan akèh-akehané uga urip ing kabupatèn Bojonegoro.

Kelompok iki nduwé cara urip kang unik tur mbingungaké wong-wong sak jabane kelompoké. Budaya kang dijenengaké Saminisme iki pratandha perlawananing kelompok iki marang Walanda. Upamané, yèn dikongkon ning kiwa, nglakonine ing tengen. Masarakat Samin disebat uga kelompok kang lugu, lan apa anané.

Simbol identitas wong Samin bisa dideleng saka sandhangan kang dianggo lan uga basané.[1] Panganggoné wong samin padatan iku klambi lengen dawa ora nganggo krah lan wernané ireng.[1] Sing lanang nganggo iket.[1] Déné kang wadon nganggo kebaya lengen dawa, lan jarikané nganti sangisor dhengkul utawa sandhuwuré pala.[1].

Asal usulé wong Samin ya iku turunané R. Samin Surosentiko (Raden Kohar, lair 1859) asal saka Randhublatung, Blora. Wiwit taun 1890 Samin lan para pandhéréké nyebaraké ajarané wiwit saka désa Klopodhuwur, Blora, nuli sumrambah nganti tekan Balerejo (Madiun), Kajen (Pati), Tapelan (Bojonagara).

Ing taun 1907 Samin Surosentiko dicekel déning Asisten Wedana Randhublatung lan dibuwang ing njabaning pulo Jawa saéngga wafaté ing taun 1914.

Sejatiné ajaran Samin mono kalebu ajaran kebathinan kang ngandhut napas kerakyatan nanging tiba mburine ngembang dadi obahan pembangkangan marang penjajah Walanda.

Ajaran Samin (saminisme)

Kawinané wong Samin

Sajeroning kawinan, wong Samin ngenut paham monogami kanthi istilah siji kanggo selawase.[3]

Uga delengen

Réferènsi

  1. a b c d (id)Perpustakaan Kearifan Lokal di Lingkungan Masyarakat Samin kabupatèn Blora Jawa Tengah Archived 2012-04-25 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 27 Fèbruari 2011)
  2. "Sejarah Samin". Diarsip saka sing asli ing 2008-06-23. Dibukak ing 2009-12-18.
  3. Buku Panduan Gelar Tradisi Komunitas Adat

Pranala njaba