Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.

Wwlahar iku aliran material vulkanik kang racaké wujud campuran watu, pasir lan krikil amarga anané ilining banyu kang dumadi ing èrèng-èrènging gunung (gunung geni). Ing Indonésia, aliran wlahar iki bakal terus tambah prilakuné bebarengan karo udan kang sansaya asring.

Ilining wlahar iku ndrawasi mligi kanggo penduduk kang manggon ing èrèng-èrènging gunung utawa kanggo para juru tambang pasir kang ana ing laladan ilining wlahar iku liwat. Wwlahar bisa mili banter puluhan mèter per detik nganti sawatara kilomèter nggawa ènergi kang cukup gedhé. Mula saka iku, lumrahé wlahar digawékaké saluran mirunggan kang miturut ngèlmu geoteknik mau "sabo".

Sawetara gunung ing Indonésia nduwé aktivitas ilining wlahar iki, ya iku Gunung Galunggung ing Jawa Kulon lan Gunung Merapi ing Jawa Tengah/Yogyakarta.

Uga delengen