Artikel iki minangka bagéyan saka sèri Susastra Hindhu | |
Veda | |
---|---|
Rgveda · Yajurveda | |
Samaveda · Atharvaveda | |
Pamérangan Veda | |
Samhita · Brahmana | |
Aranyaka · Upanisad | |
Upanishad | |
Aitareya · Bṛhadāraṇyaka | |
Īṣa · Taittirīya · Chāndogya | |
Kena · Muṇḍaka | |
Māṇḍūkya ·Praśna | |
Śvetaśvatara | |
Wedangga | |
Śikshā · Chanda | |
Vyakarana · Nirukta | |
Jyotisha · Kalpa | |
Itihasa | |
Mahabharata · Ramayana | |
Susastra liyané | |
Smrti · Purana | |
Bhagavad Gita · Sutra | |
Pancaratra · Tantra | |
Kumara Vyasa Bharata · Stotra | |
Hanuman Chalisa · Ramacharitamanas | |
Shikshapatri · Vachanamrut | |
Deleng uga | |
Mitologi | |
Kosmologi | |
Déwa-Dèwi | |
Portal Hindhu |
Ṛg Weda (Sanskerta: ऋग् वेद; rig veda, Jawa: ꦉꦒ꧀ ꦮꦺꦢ; rĕg weda "èlmu kawruh") iku kitab suci agama Hindhu. Weda minangka kumpulan sastra-sastra kuna saka jaman Indhia Kuna sing cacahé akèh banget. Sajeroning ajaran Hindhu, Weda éwoning Sruti (kanthi barès tegesé "sing dirungokna"), amarga umat Hindhu percaya yèn isi Weda minangka kumpulan wahyu saka Brahman (Tuhan). Weda diyakini minangka sastra tuwa dhéwé sajeroning peradaban manungsa sing isih ana nganti saiki. Ing mangsa wiwitan mudhuné wahyu, Weda diudhunaké/diajaraké nganggo sistem lésan saka guru menyang siswa. Sawisé tulisan tinemu, para Resi nulis ajaran-ajaran Weda sajeroning wangun tulisan.[1] Weda asipat apaurusheya, amarga asal saka wahyu, ora dikarang déning manungsa, lan abadi.[2] Maharesi Byasa, nyusun manèh Weda lan mérang Weda dadi patang pérangan utama, yaiku: Regweda, Yajurweda, Samaweda lan Atharwaweda. Kabèh iku disusun ing mangsa wiwitan Kaliyuga.
Sacara etimologi, tembung Weda asal saka tembung vid, sing sajeroning basa Sangskreta tegesé "meruhi", sajeroning rumpun basa Indo-Éropah asal saka tembung weid, sing tegesé "ndeleng" utawa "meruhi".[3] weid uga minangka akar tembung saka wit sajeroning Basa Inggris, kaya déné ing tembung vision sajeroning basa Latin.
((cite journal))
: Cite journal requires |journal=
(pitulung)
Cithakan:Hindu Topik