Warak | |
---|---|
Warak putih, Ceratotherium simum | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mamalia |
Ordho: | Perissodactyla |
Famili: | Rhinocerotidae Gray, 1821 |
Genus | |
Ceratotherium |
Warak (basa Inggris: rhinoceros utawa rhino) iku kulawarga Rhinocerotidae, kalebu ordho Perissodactyla kang asalé kabèh saka Afrika utawa Asia. Kulawarga iki duwé karakteristik: ukurané gedhé, boboté bisa nganti punjul sa-ton; siji utawa rong sungu ing pérangan tengah bathuk, manawa cacahé loro, sing siji ana ing ngarepé sijiné (ora sisihan); hèrbivor; kulit kandel, 1.5 – 5 cm, kawangun saka lapisan kolagèn. Warak duwé driya pangrungu lan pangambu kang landhep, nanging ora bisa nyawang adoh. Sabagéyan gedhé warak bisa urip punjul 40 taun. Anak warak diarani plencing.
Sanajan lumebu golongan hèrbivor, warak iku kéwan kang mbebayani. Ing India lan Nepal, warak dadi jalaran utama patiné manungsa, cacahé ngluwihi kang disebabaké déning macan lan macan tutul. Warak malah tau nyerang gajah sing nggawa turis.
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan: Rhinocerotidae |