Waraha (basa Sanskerta: वाराह; Varāha) inggih punika awatara ingkang kaping tiga saking Déwa Wisnu ingkang awujud babi alas. Awatara punika njalma nalika jaman Satyayuga (jaman kabecikan). Cariyos babagan Waraha Awatara kababaraken wonten ing kitab Warahapurana kaliyan Purana-Purana sanèsipun.[1]
Miturut mitologi Hindhu, nalika jaman Satyayuga (jaman kabecika), wonten sawijining raksasa sinebut Hiranyaksa, rayinipun raksasa Hiranyakasipu. Kekalih punika minangka bangsa Detya (raksasa). Hiranyaksa badhé ngilemaken bumi wonten ing salebeting "lautan kosmik," sawijining papan antah berantah ing ruang akasa.[2] Mirsani donya punika badhé kiamat, Wisnu njalma dados "Waraha (babi alas)" ingkang gadhah taring kanggé nopang bumi ingkang dipundhawahaken déning Hiranyaksa. Usaha ingkang dipunlaksanakaken Waraha boten lumampah kanthi lancar amargi kaadhang déning Hiranyaksa. Saéngga kadadosan paprangan antawisipun raksasa Hiranyaksa klawan Déwa Wisnu. Kocap kacariyosaken paprangan punika kaadanan eunan taun. Ing pungkasanipun, Déwa Wisnu ingkang saged numpes raksasa Hiranyaksa.[3]
Sabibaripun Piyambakipun menang, lajeng ngangkat bumi ingkang kados bal kanthi taringipun saking "lautan kosmik" saha mbangsulaken bumi wonten ing papan dunungipun.[4]
Waraha Awatara kagambaraken minangka babi alas ingkang ngasta planit bumi kanthi kekalih taringipun, saha dipunangkaat wonten ngajeng netra. Sawetawis ugi kagambaraken minangka priyantun kanthi mustaka babi alas, kanthi taring kalih, saha sekawan asta ingkang nyepeng cakra, terompet saking kulit kerang (sangkakala), teraté, saha gada.[5]
Waraha | ||
---|---|---|
Sebelumnya: (({sadurungé))} |
Awatara Wisnu ke-3 |
Berikutnya: (({sawisé))} |
Awatara Wisnu | |
---|---|
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki |