Vibrio cholerae | |
---|---|
TEM image | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Bacteria |
Filum: | Proteobacteria |
Klas: | Gamma Proteobacteria |
Ordho: | Vibrionales |
Famili: | Vibrionaceae |
Génus: | Vibrio |
Spésies: | V. cholerae |
Jeneng binomial | |
Vibrio cholerae Pacini 1854 |
Vibrio cholerae ya iku baktèri gram négatif, kanthi wagun basil (watang) oi galera tudo bem vei(bisa obah), duwé struktur antogènik saka antigen flagelar H lan antigèn somatik O, gamma-proteobacteria, mesofilik lan kemoorganotrof, habitat alaminé ing lingkungan akuatik lan lumrahé padha asosiasi kanthi eukariot.[1] Spesiès Vibrio kerep didhapuk kanthi sipat patogenisitase manungsa, mligi V. cholerae jalaran lelara kolèra sing ngrembaka ing nagara kang duwé banyu resik sithik lan duwé sanitasi kang ala.[2] V. cholerae tinemu wiwitané déning ahli anatomi saka Italia kang arané Filippo Pacini ing taun 1854.[3]. Nanging, panemon wiwitan iki lagi kaloka sawisé Robert Koch, kang nyinaoni lelara kolèra ing Mesir, taun 1883 kasil mbuktèkaké yèn baktèri mau jalaran kolera.[3]
Kanggo nganakake isolasi lan pangopenan vibrio, bisa migunakaké médhia Thiosulfate-citrate-bile salts agar (TCBS) kang minangka médhia selektif kanggo isolasi lan pemurnian Vibrio.[2] Vibrio mampu migunakaké sukrosa minangka sumber karbon kanthi warna kuning, déné liyané warna ijo.[2] Nanging uga ana kang mikrob kang bisa thukul ing médhia iki, kaya ta Staphylococcus, Flavobacterium, Pseudoalteromonas, lan Shewanella.[2] déné kanggo nambahi Vibrio, bisa migunakaké médhia Alkaline Peptone Water (APW) kang duwé pH relatif dhuwur, ya iku kira-kira 8.4 lan ngandhut NaCl kang cacahé 1-2%.[2] Pamodotan optimum vibrio ya iku ing suhu antarané 20- 35oC.[2]
Teknik kang digunakaké ing identifikasi fenotipe V. cholerae ya iku uji lisin dekarboksilase lan ornitin (arginin) dekarboksilase, oksidase, Kliger Iron Agar (KIA), dan uji indol.[4] V. cholerae bisa nuduhaké asil positif ing patang uji biokimia mau.[4] Asil positif kanggo uji oksidase, uji lisin, lan arginin dekarboksilase ya iku kabentuke warna ungu tuwa.[4] Ing uji KIA, ora kadhapur gas, kanthi slant (pérangan lumahing médhia) kanthi warna abang (asifat basa) lan butt (pérangan dhasar médhia) wernane kuning (asifat asem).[5] kanggo nguji indol, bakal kadhapur warna abang semu ungu ing lumahing.[5]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Vibrio cholerae. |
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan: Vibrio cholerae |
Andharan saka Wikibausastra | |
Médhia saka Commons | |
Warta saka Wikinews | |
Cuplikan saka Wikiquote | |
Tèks saka Wikisource | |
Buku tèks saka Wikibooks | |
Matèri sinau saka Wikiversity |
Cithakan:Klasifikasi baktèri
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Vibrio cholerae. |
Cithakan:Baktèri-stub