Universitas Michigan | |
---|---|
University of Michigan logo.svg | |
Jeneng latin | Universitas Michigania |
Diadegaké | Agustus 26, 1817[1] |
Jenis | Public flagship research university |
Motto | Artes, Scientia, Veritas |
Dana abadi | $12.48 billion (2020)[2] |
Presidhèn | Mark Schlissel |
Provost | Susan Collins[3] |
Mahasiswa | 46,002[4] |
Sarjana | 29,821[4] |
Magister | 16,181[4] |
Kampus | 3,177 acres (12.86 km2), college town Total: 20,965 acres (84.84 km2), including arboretum[5] |
Lokasi | Ann Arbor, Michigan, Amérika Sarékat |
Warna | Maize and Blue[6] Cithakan:College color boxes |
Julukan | Wolverines |
Situs web | www |
Universitas Michigan ya iku universitas kang paling tuwa ing Michigan kang mapan ana ing Ann Arbor, Michigan, Amérika Sarékat. Universitas Michigan kalebu universitas kang paling kondhang ana ing Amérika Sarékat[7] amarga nduwèni kagiyatan risèt paling akèh lan duwé pirang-pirang program pascasarjana, ya iku program doktoral ing humanitas, ilmu sosial, lan STEM (Sains, Téknologi, Tèknik, lan Matematika). Ing kana uga ana program gelar profesional ing bisnis, kedhokteran, hukum, farmasi, keperawatan, lan kedhokteran gigi. Universitas Michigan dadi universitas kang nduwèni kagiyatan panelitian paling dhuwur utawa akèh. Amarga kuwi, Universitas Michigan dadi universitas negeri paling becik ing Amérika Sarékat lan kalebu klasifikasi R1: Universitas Dhoktoral - Kagiyatan panelitian kang dhuwur banget.[8]
Universitas Michigan diadegaké ing taun 1817 ing Detroit sadurungé Michigan dadi nagara bagian. Nalika kuwi jenengé isih Universitas Michigania.[9] Taun 1821, universitas iki wis resmi ganti jeneng dadi Universitas Michigan. Universitas Michigan pindah ing dhaérah Ann Arbor taun 1837 mapan ana ing lemah kang ambané 16 héktar, saiki kasebut Central Campus. Nalika mapan ana ing Ann Arbor, Universitas Michigan isa ngadegaké cacahé 584 wangunan kang ambané luwih saka 3.62 km². Taun 1841, Universitas Michigan mulai kelas kapisan ing Ann Arbor lan mahasiswa kang melu kelas jaman semana cacahé 6 mahasiswa anyar lan mahasiswa tingkat loro kang diajar déning para profèsor cacahé loro. Taun 1845, wisuda kapisan dianakaké ing Universitas Michigan kanthi nglulusaké 11 mahasiswa.[10]
Taun 1990 tekan 1920, Universitas Michigan mulai nambah akèh fasilitas kampus, kayata gedung kanggo program kedhokteran gigi, farmasi, kimia, lan ilmu alam. Saliyané kuwi uga ana gedung auditorium, griya sakit, lan komplèk perpustakaan.Taun 1920-1930, Universitas Michigan dadi universitas favorit kang paling akèh dipilih déning para mahasiswa Yahudi saka New York. Universitas Michigan uga kalebu dadi universitas kang duwé standar dhuwur. Amarga kuwi mau, Universitas Michigan duwé jejuluk "Harvard from the West".[11]
Kampus Universitas Michigan ing Ann Arbor dibagi dadi papat, ya iku kampus Lor, Tengah utawa Pusat, Kidul, lan Médhis. Prasarana fisik ing Universitas Michigan luwih saka 500 wangunan kanthi amba 860 hektar utawa 3,482 km². Kampus sisih kidul ana ing sebelahé kampus tengah utawa pusat. Kampus sisih lor kepisah karo Kali Huron.[12] Universitas Michigan nduwèni pirang-pirang lapangan golf. Lapangan golf kapisan ana ing kampus kidul. Saliyané kuwi uga ana lapangan golf kang mapan ing Dalan Geddes, ya iku Lapangan Golf Radrick Farms. Lapangan-lapangan golf mau mung bisa digunakaké kanggo para staf, fakultas, lan alumni Universitas Michigan.[13] Saliyané lapangan golf, Universitas Michigan uga duwé Omah Inglis kang digunakaké kanggo acara-acara sosial utawa rapat Déwan Bupati lan dhayoh-dhayoh penting liyané.[14]
((cite web))
: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)
((cite web))
: CS1 maint: bot: original URL status unknown (link)