Low Memorial Library, Universitas Columbia.

Universitas Columbia (basa Inggris Columbia University) inggih punika salah satunggaling universitas swasta ing New York, Amérika Sarékat.[1] Universitas punika madeg taun 1754 mawi asma King's College.[1] Universitas Columbia ugi kalebet salah satunggaling anggota saking Ivi League. Universitas Columbia gadhah kalih kampus utama.[1] Setunggal ing laladan Morningside Heights, déné ingkang satunggal malih ing Washington Heights.[1] Universitas punika ugi gadhah tiga sekolah tinggi kanggé S1, kalihwelas jurusan pascasarjana, sekolah profèsi, kaliyan sekolah studi lanjutan.[1] Universitas kalebet sedasa universitas paling inggil ing Amérika mawi gunggungipun mahasiswa kirang langkung 6000 tiyang.[2] Jurusan ingkang misuwur mawi lulusan ingkang saé piyambak inggih punika 'Fakultas Kesenian, Bisnis, Sekolah Guru, kaliyan Hukum.[2]

Fakultas

[besut | besut sumber]

Columbia gadhah tiga fakultas sarjana kaliyan kalihwelas fakultas pascasarjana.

Sarjana

[besut | besut sumber]

Pasca-Sarjana

[besut | besut sumber]

Lulusan kaliyan pawongan ingkang misuwur

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e Columbia University(dipunundhuh 27 November 2012)
  2. a b Universitas Terbaik di Amérika[pranala mati permanèn](dipunundhuh 27 November 2012)

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]