Universitas Cambridge | |
---|---|
Jeneng latin | Cantabrigien (Cantab.) |
Didirikan | 1209 |
Konselor | David Sainsbury |
Wakil Konselor | Leszek Borysiewicz |
Mahasiswa | 16.500 total (4.700 pasca-sarjana) |
Lokasi | (({lokasi))} |
Afiliasi | Russell Group, Coimbra Group, EUA, LERU |
Situs wèb | http://www.cam.ac.uk |
Universitas Cambridge (Inggris: Cambridge University; Latin: Universitas Cantabrigiensis) iku universitas tuwa dhéwé kaloro ing donya, kanthi sarat lumebu kang paling ketat ing Karajan Manunggal.
Cathetan wiwitan wis ora kasimpen manèh, nanging universitas iki tuwuh saka sawijining perhimpunan sarjana ing kutha Cambridge, Cambridgeshire, Inggris, kemungkinan diwangun taun 1209 déning sarjana kang kabur saka Universitas Oxford sawisé ana pasulayan karo kang ndunungi kutha mau. Rujukan ?
Universitas Oxford lan Cambridge, sok dijuluki Oxbridge, wis duwé sajarah kompetisi kang suwé antara siji lan sijiné, lan dianggep universitas paling èlit lan mawa gèngsi ing Karajan Manunggal. Miturut sajarah, kaloro universitas iki wis ngasilaké sawatara èlmuwan, juru nulis, lan pulitisi Karajan Manunggal kang misuwur.
Afiliasi saka Universitas Cambridge wis menangaké 80 Bebungah Nobel [1], luwih akèh tinimbang universitas liya ing donya.[2]. Saka 80 pemenang Bebungah Nobel iki, 70 tau kuliah ing Cambridge minangka murid prasarjana utawa pasca-sarjana, lan dudu minangka "associate" riset, "fellow" utawa profésor. (Universita Chicago ing urutan angka 2 sajeroning afiliasi pemenang Bebungah Nobel, kanthi 79 pamenang, nanging mung 30 kang tau sinau ing Universitas Chicago minangka murid prasarjana utawa pasca-sarjana).
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani University of Cambridge. |
Cithakan:University of Cambridge