Transistor ya iku siji piranti elektronik kang wujudé tabung cilik banget kang digawé saka semikonduktor.[1] Gunane kanggo nguwatake, medhot, lan mbagi arus listrik.[2] Transistor tinemu nalika taun 1948 déning ahli fisika ya iku Walter Houser Brattain, John Bardeen, lan William Braddford Shockley. Transistor bisa kanggo kran listrik.[3] Padatan, transistor nduwé terminal cacahé telu.[3] Tegangan utawa arus kang dipasang ing salah siji terminale iku ngatur arus kang luwih gedhé liwat rong terminal liyané.[3]
Wiwitane, ana rong jinis transistor, ya iku bipolar junction transistor (BJT utawa transistor bipolar) lan field-effect transistor (FET).[3] Kekarone cara kerjane dhéwé-dhéwé.[3]
Penemuan transistor kasebut, yaiku salah sawijining prestasi sing paling penting ing abad kaping-20, minangka asil pangembangan elektronik semikonduktor, sing wiwit taun 1833, nalika eksperimen fisika Inggris Michael Faraday nganakake eksperimen pertama kanthi materi semikonduktor - perak sulfida.[4]
Transistor bisa dibédakaké dhedhasar sapérangan kategori:[3]