Simbiosis mutualisme alga karo terumbu karang ing pulau Endenbury.
Terumbu Karang ing KapuloanSeribu

Terumbu karang yaiku sakumpulan kéwan karang kang duwé simbiosis karo jinising tuwuhan alga kang sinebut zooxanhellae.[1]

Dhapuré kéwan karang aneh, kaya watu lan duwé warna lan wujud manéka rupa. Kéwan iki sinebut polip, yaiku kéwan pambentuk utama terumbu karang kang ngasilaké zat kapur. Polip-polip iki nganti éwon taun anggoné mbentuk terumbu karang.

Manfaat terumbu karang

[besut | besut sumber]

Ing konteks ékonomi, terumbu karang duwé manfaat kang kapérang dadi rong golongan, yaiku manfaat berkelanjutan lan manfaat kang ora berkelanjutan.[2]

MANFAAT BERKELANJUTAN

[besut | besut sumber]

Pirang-pirang sumberdaya iwak pelagis (tuladhané Scombridae, Exocoetidae,Carangidae, Charcharinidae) manut marang ékosistem terumbu karang yaiku minangka panggonan memijah, nggedekake anak, lan mangan.

Patang golongan sumberdaya ikan terumbu kang wigati tumrap warigaluh:

  1. Iwak. tuladhané Muraenidae, Serranidae, Holocentridae, Lutjanidae, lsp
  2. Avertebrata, tuladhané Gastropoda, Bivalva, Krustasea, Cephalopoda,Ekhinodermata, Coelenterata.
  3. Reptil, tuladhané ula laut lan penyu.
  4. Makrofita, tuladhané alga lan lamun.

Manfaat ora Berkelanjutan

[besut | besut sumber]
  1. Aktivitas ekstratif
  2. Perikanan kanthi metode destruktif
  3. Pangumpulan organisme terumbu
  4. Perdagangan biota ornamental
  5. Pambangunan pasisir

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. lablink.or.id diundhuh tanggal 22 Mèi 2012
  2. scribd.com diundhuh tanggal 22 Mèi 2012