Tambur ya iku piranti musik perkusi kang diunèkaké kanthi cara ditabuh lan diobahaké.[1] Tambur ngasilaké swara kumrincing kang bisa dicampur karo swara tabuhan saka pérangan mémbrané.[1] Tambur digawé saka kayu kang diwangun bunder, lan mémbran kang digawé saka kulit sapi utawa plastik.[1] Tambur iku asalé saka Éropa, nanging mèh padha karo piranti musik kang tinemu ing Cina lan Asia Tengah (Diere), India (Daph), Peru (Chil chil) lan Grunlan (Aelyau).[2] Tambur tradhisional wiwitané diunèkaké déning golongan musik kang asalé saka Turki, kang aran janissaries.[1] Mozart kang sapisanan nggunakaké tambur dadi salah siji piranti musik sajeroning musiké nalika taun 1782.[1] Déné cara ngunèkaké ana tèknik kang warna-warna, kaya ta tèknik tap, tèknik loop, lan tèknik shake.[3]