Surya Insomnia | |
---|---|
Lair | Surya Dini 9 Dhésèmber 1986 (umur 37) Bekasi, Jawa Barat, Indonesia |
Bangsa | Indonesia |
Wiyata | SMA Negeri 44 Jakarta |
Pakaryan |
|
Bojo | Tyara Renata (o. 2013) |
Anak |
|
Surya Dini, utawa luwih kondhang kanthi jeneng Surya Insomnia (lair ing Bekasi, 9 Dhésèmber 1986; umur 37 taun) iku sawijining pranatacara, juru banyol, juru paraga lanang, panyiar radio, lan VJ saka Indonesia. Dhèwèké ditepungi kanthi jeneng Surya Insomnia amarga dhèwèké dadi VJ ing MTV Insomnia. Surya Insomnia uga misuwur minangka panyiar radio bareng Rico Ceper & Molan ing acara Mustang 88 FM SIGAPP88. Wiwit 5 Januari 2015, Surya Insomnia pindhah saka Mustang 88 FM lan dadi panyiar ing acara Trax FM Morning Zone bareng Molan. Wiwit taun 2020, Surya Insomnia bali dadi panyiar esuk ing acara Good Morning Hard Rockers Hard Rock FM bareng Gofar Hilman. [1]