Sèl-sèl kang ana ing sungsum balung (Gray's Anatomy)

Sungsum balung (Inggris: bone marrow, medulla ossea) iku jaringan empuk kang tinemu ing gronggongan interior balung kang dadi papan prodhuksi sapérangan gedhé sèl getih anyar. Ana rong jinis sungsum balung:

Kaloro tipe sungsum balung mau ngandhut akèh pambuluh lan kapilèr getih.

Nalika lair, kabèh sungsum balung iku sungsum abang. Sairing karo tuwuhing manungsa, tansaya akèh kang owah dadi sungsum kuning. Wong diwasa duwé rata-rata 2,6 kg sungsum balung kang watara setengahé iku sungsum abang. Sungsum abang tinemu mligi ing balung pipih kaya balung pinggul, balung dhadha, tengkorak, balung iga-iga, balung geger, balung walikat, lan ing pérangan empuk ing pucuking balung dawa femur lan humerus. Sungsum kuning tinemu ing gronggongan interior pérangan tengah balung dawa.

Ing kaanan nalika awak kélangan getih kang akèh banget, sungsum kuning bisa diowahi manèh dadi sungsum abang kanggo ngundhakaké prodhuksi sèl getih.

Rujukan

[besut | besut sumber]
Sistem limfatik - edit

Simpul limfa | Limfa | Limfosit | Saluran limfa | Duktus toraks | Sumsum balung | Limpa | Timus | Amandel