Ing musik utawa karawitan sajeroning gamelan Jawa, srepeg iku siji wangun gendhing nalika ngiringi pagelaran wayang.
Tata wanguné ya iku:
ing ngendi kaloro larikan dimainaké bebarengan, lan T nuduhaké thuthukankethuk, P thuthukan kempul, lan N thuthukan kenong. Kenong lan kempul tansah mainaké seleh.
Gongané nduwèni dawa sing béda-béda, miturut patheté. Suwuk bisa dipungkasi ing ngendi waé sajeroning siklus iki, miturut aba-aba saka kendhang utawa kepyak. Wangun mélodhis srepeg iku cetha, amarga dumadi saka seleh ganti gumanti karo not sacedhaké.
Irama srepeg iki racaké cepet lan dimainaké ing irama lancar.
Gong | Kempyang | Kethuk | Kempul | Kenong | Saron | Demung | Slenthem | Slentho | Bonang | Gendér | Gambang | Angklung | Kecapi | Siter | Celempung | Suling | Rebab | Kendhang | Bedhug | Kecer | Kepyak | Kemanak |