Istilah sosialisme utawa sosialis bisa ngacu marang sapérangan prakara kang ana gayutané karo ideologi utawa golongan ideologi, sistem ékonomi, lan nagara. Istilah iki wiwit dipigunakaké wiwit awal abad kaping 19. Sajeroning basa Inggris, istilah iki dipigunakaké pisanan kanggo nyebut pangikut Robert Owen nalika taun 1827. Ing Prancis, istilah iki ngacu marang para pangikut dhoktrin Saint-Simon nalika taun 1832 kang dipopulèraké déning Pierre Leroux lan J. Regnaud sajeroning l'Encyclopédie Nouvelle[1]. Panggunaan istilah sosialisme asring dipigunakaké sajeroning manéka kontèks kang béda-béda déning manéka golongan, nanging mèh kabèh sepakat yèn istilah iki awalé saka pergolakan kaum buruh indhustri lan buruh tani nalika abad kaping 19 tekan awal abad kaping 20 dhedhasar prinsip solidaritas lan merjuwangaké masarakat egalitarian kang karo sistem ékonomi miturut dhèwèké bisa ngladèni masarakat akèh tinimbang mung saglintir èlit.

Uga delengen

Réferènsi

  1. A History of Socialist Thought, Volume 1 (1965), kaca. 1-2

Pratélan pustaka