Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.

Sistem saraf punjer (SSP) ngambah utek (Latin: ensephalon) lan sungsum balung mburi (Latin: medulla spinalis). Kaloroné wujud organ kang lunak banget, kanti fungsi kang wigati banget mangka perlu perlindungan. Saliyané cumplung lan ruas-ruas balung mburi, utek uga dilindungi 3 lapisan selaput meninges. yèn membran iki kena infeksi mangka bakal dadi radang kang ingaran meningitis.[1]

Katelu lapisan membran meninges saka jaba marang jero ya iku minangka kaya mengkene:

  1. Durameter; kasusun saka 2 lapisan, kang paling jaba nyatu kanti cumplung minangka endostium, lan lapisan liya minangka duramater kang gampang dicopot saka balung sirah. Ing antarané balung sirah karo duramater ana bolongan epidural.
  2. Arachnoidea mater; ingaran mangkono amarga wujudé kaya omah gorogati. Ing jerone ana cuwèran kang ingaran liquor cerebrospinalis; meh kaya cuwèran limfa kang ngisi sela selane membran araknoid. Fungsi selaput arachnoidea ya iku minangka bantalan kanggo nglindungi utek saka bahaya kerusakan mékanik.
  3. Piameter. Lapisan paling jero kang duwé wujud disesuaikake kanti lipatan-lipatan lumah utek.

Otak lan sungsum balung balung buri duwé 3 materi esensial ya iku:

  1. awak sèl kang minangka pérangan materi klawu (substansi grissea)
  2. serabut saraf kang minangka pérangan materi putih (substansi alba)
  3. sèl-sèl neuroglia, ya iku jaringan ikat kang mapan ing antarané sèl-sèl saraf ing jero sistem saraf punjer

Sanajan utek lan sungsum balung buri duwé materi padha nanging susunane béda. Ing utek, materi kelabu mapan ing pérangan jaba utawa kulite (korteks) lan pérangan putih mapan ing tengah. Ing sungsum balung buri pérangan tengah wujud materi kelabu kang wujudé kupu-kupu, wondene pérangan korteks wujud materi putih.

Otak

[besut | besut sumber]

Otak duwé lima pérangan utama, ya iku: utek gedhé (serebrum), utek tengah (mesensefalon), utek cilik (serebelum), sungsum sambung (medulla oblongata), lan kreteg varol.

Sungsum balung mburi (medula spinalis)

[besut | besut sumber]

Ing penampang melintang sungsum balung mburi ketok pérangan jaba kanti warna putih, wondene pérangan jero awujud kupu-kupu lan kanti warna kelabu. Ing penampang melintang sungsum balung mbur ana pérangan kaya swiwi kang kapérang atas swiwi nduwur ingaran tanduk dorsal lan swiwi ngisor ingaran tanduk ventral. Impuls sensori saka reseptor dihantar lumebu marang sungsum balung mbur lewati tanduk dorsal lan impuls motor metu saka sungsum balung mburi lumantar tanduk ventral tumuju efektor. Ing tanduk dorsal ana badan sèl saraf penghubung (asosiasi konektor) kang bakal nampa impuls saka sèl saraf sensori lan bakal menghantarkannya marang saraf motor

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]

Cithakan:Sistem saraf