Sistem koloid (sabanjuré dicekak "koloid") wujud wangun campuran (sistem dispersi) loro utawa luwih dat siyang asifat homogen nanging duwé ukuran partikel kadispersi sing cukup gedhé (1-100 nm), saéngga kena èfèk Tyndall. Duwé sipat homogen tegesé partikel kadispersi ora kapengaruh déning gaya gravitasi utawa gaya liya; saéngga ora tinemu pangendhapan. Sifat homogen iki uga diduwèni déning larutan, nanging ora diduwèni déning campuran biyasa (suspensi).

Koloid akèh tinemu ing ngendi-endi: susu, ager-ager, mangsi, sampo, sarta méga minangka conto-conto koloid sing bisa ditemoni sadina-dina. Sitoplasma sajeroning sèl uga minangka sistem koloid. Kimia koloid sing dadi kajian dhéwé sajeroning kimia indhustri amarga kawigatèné.

Werna-warna koloid

[besut | besut sumber]

Koloid duwé wangun warna-warna, gumantung saka fasa dat pendispersi lan dat kadispersinya. Sawetara jinis koloid: