mantaappp...
Type | Persero |
---|---|
Industry | Produksi |
Founded | 18 Maret 1910 |
Headquarters | , |
Key people | Ir.Munadi Arifin (Direktur Utama) |
Products | Semen |
Production output | 5.240.000 ton/taun |
Parent | Semen Indonésia |
Website | semenpadang.co.id |
PT Semen Padang ya iku produsen semen tuwa dhéwé ing Indonésia kang diyasa nalika 18 Maret 1910 kanti jeneng NV Nederlandsch-Indische Portland Cement Maatschappij utawa NIPCM.[1]
PT Semen Padang (Perusahaan) diyasa nalika tanggal 18 Maret 1910 kanti jeneng NV Nederlandsch Indische Portland Cement Maatschappij (NV NIPCM) kang wujud pabrik semen pertama ing Indonésia. Banjur nalika tanggal 5 Juli 1958, perusahaan dinasionalisasi déning pamaréntah Republik Indonesia saka pamaréntah Walanda. Sakwéné periode iki, perusahaan ngalami prosès kebangkitan manèh liwat rehabilitasi lan pengembangan kapasitas pabrik Indarung I dadi 330.000 ton/ taun. Seterusè pabrik nglakokakè transformasi pengembangan kapasitas pabrik saka tèknologi prosès teles dadi prosès garing kanti dibanguné pabrik Indarung II, III, lan IV.
Nalika taun 1995, pamaréntah ngalihaké kepemilikan sahamé ing PT Semen Padang marang Semen Gresik bebarengan karo pengembangan pabrik Indarung V. Wektu iku pemegang saham perusahaan ya iku PT Semen Gresik Tbk kanti kepemilikan saham 99,99% lan Koperasi Kulawarga Besar Semen Padang kanti saham kang gedhéné 0,01 %.[2]
Total kapasitas produksi PT Semen Padang ya iku 5.240.000 ton/taun kanti rincian kaya mengkéné:
Pabrik indarung I dinonaktifkan awit wulan oktober 1999, kanti pertimbangan efisiensi lan polusi, amarga pabrik kang diyasa nalika tanggal 18 maret 1910 iki kanti prosès teles.
Bahan mentah kang digunakaké sajeroning panggawéyan semen ya iku watu kapur, watu silika, lemah lempung lan pasir wesi. Saka total kebutuhan bahan mentah, watu kapur kang deposité ana ing gumuk karang putih (± 2 km saka pabrik) digunakaké kang akèhé 81 %. Watu silika kang deposité asalé saka bukit ngalau (± 1,5 km saka pabrik) digunakaké kang akéhé ± 9 % lan lan lemah lempung diéntuki ing kiwa-tengené Kacamatan Kuranji, Kota Padang digunakaké kang jumlahé ± 9%. Wondéné kebutuhan pasir wesi ± 1 % ditekokaké saka Cilacap. Nalika penggilingan akir ditambahaké gypsum 3-5 % kang ditekokaké saka Thailand. Gypsum alam lan gypsum sintetis saka PT Petro Kimia Gresik.
Sacara garis besar prsoes produksi semen liwati 5 tahapan, ya iku:
Sajeroning Prosès garing, penggilingan bahan ing Raw Mill hawa panas dialiraké saka tanur putar (Kiln) sahii ngga dihasilaké Raw Mix kanti kandhutan banyu <1% Sawisé ngliwati prosès homogenisasi, Raw Mix dibakar ing Tanur putar (kiln) kantbahan bakar batu bara. Asil pembakaran ya iku wujud bunderan ireng kang karan terak/klinker.