Said Agil Husin Al Munawar | |
---|---|
Mantri Agami Republik Indonesia 21 | |
Linggih 22 Oktober 2009 – 21 Oktober 2004 | |
Présidhèn | Megawati Soekarnoputri |
Kang sadurungé | Tolchah Hasan |
Kang sawisé | Muhammad Maftuh Basyuni |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Palembang, Sumatera Kidul, Indonésia | Januari 26, 1954
Bangsa | Indonésia |
Agama | Islam |
Prof. Dr. Haji Said Agil Husin Al Munawar (miyos ing Palembang, Sumatra Kidul 26 Januari 1954) inggih punika satunggalipun guru lan tilas Mantri Agami Indonésia.[1][2] Panjenenganipun dados Mantri Agami ing Kabinét Gotong Royong (2001-2004).[1] Panjenenganipun lulusan saking Fakultas Syariah ing Universitas Ummu Al Quro Makkah (Master of Art 1983; Ph.D. 1987) ing Arab Saudi punika naté dados dhosèn ing pawiyatan inggil sadèrèngipun dados mantri, mliginipun ing pawiyatan luhur Islam kados Institut Agama Islam Negri ing pinten-pinten papan ing Indonesia.[1] Sasanèsipun punika panjenenganipun ugi naté dados Dosen Pendidikan Kader Ulama Pusat saking taun 1990 ngantos 1998.[1]
Nalika tanggal 7 Fèbruari 2006 panjenenganipun dipunvonis ukuman gangsal taun kunjara déning Pengadilan Negri Jakarta Pusat amargi dipunpratelakaken nyata-nyata kabukti ngawontenaken korupsi dana béaya Panyelenggaraan Haji ingkang agengipun Rp. 35, 7 miliar lan Dana Abadi Umat (DAU) ingkang cacahipun Rp. 240, 22 miliar ing taun 2002-2004.[1]
Said Agil Al Munawwar Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.