Ril sepur wangun Y lan wangun konvensional.

Ril digunakaké ing jalur sepur. Ril ngarahaké utawa mandhu sepur tanpa merlokaké pangendhalèn. Ril wujud rong batang ril kaku kang padha dawané dipasang ing bantalan minangka dhasar landhesan. Ril-ril mau ditalèni ing bantalan kanthi migunakaké paku ril, sekrup panambat, utawa penambat e (kaya panambat Pandrol).

Jinis panambat kang digunakaké gumantung marang jinis bantalan kang digunakaké. Puku ulir utawa paku panambat digunakaké ing bantalan kayu, sanajan penambat e minangka bantalan beton utawa semèn.

Ril lumrahé dipasang ing sandhuwuré badan dalan kang dilapis mawa watu kricak utawa ditepungi minangka balast. Balast duwé fungsi ing ril sepur kanggo ngredhem getaran lan lenturan ril akibat boboté seput. Kanggo nyebrang kreteg, digunakaké bantalan kayu kang luwih élastis tinimbang bantalan beton.

Jinis ril dhedhasar bobot

[besut | besut sumber]

Ril kang digunakaké ing Indonesia migunakaké standar UIC kanthi Standar:

Amba trak

[besut | besut sumber]
Définisi amba ril/Gauge

Ana sapérangan amba (gauge) kang digunakaké, saya amba saya stabil saéngga saya dhuwur kacepetan sepuré. Amba trak kang umum digunakaké ing antarané [1]

Panyambungan ril

[besut | besut sumber]

Amarga alesan transportasi nuju menyang lokasi pamasangan, lumrahé ril saka pabrik panggawéné dikethok dadi ril-ril kanthi dawa 25 m. Kanggo ngundhakaké kanyamanan panggunan sepur kang lumaku ing sandhuwuré mula ril-ril mau disambung. Panyambungan ril dilakokaké kanthi sapérangan cara:

Las termit

[besut | besut sumber]

Salah siji cara kang umum digunakaké ya iku kanthi las termit ing lokasi saéngga bisa dadi ril kang dawa[2]. Pangelasan migunakaké las termit kanthi migunakaké bahan kimia senyawa wesi kang didèkèkaké ing antarané kaloro ril banjur bahan mau diréaksèkaké ing suhu nganti nyuwèraké bahan kimia mau lan nyambung ril mau, sisa asil reaksi kimia mau banjur dikethok lan diratakaké karo ril.

Sambungan baut

[besut | besut sumber]
Fishplate ing antarané 2 ril kang disambung

Ing sambungan iki digunakaké sawijining panyangga kang diarani fish plate kang dibaut saka kaloro ril kang disambung. Kanthi sambungan kaya mangkono bakal krasa nalika lumaku sajeroning sepur.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Réferènsi

[besut | besut sumber]