Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.

Radha (Devanagari: राधा; Rādhā, IAST: Radha), ugi dipunsebat Radhika, Radharani saha Radhikarani. Panjenenganipun minangka Permaisuri Kresna wonten salebeting Brahma Vaivarta Purana, saha Gita Govinda wonten ing agama Hindhu. Radha minangka Dewi ingkang utama, asring dipunpuja minangka inkarnasi saking Dewi Laksmi. Radha mesti dipungambaraken sesarengan kaliyan Kresna saha praupan ingkang éndah wonten saklebeting teologi Agama Gaudiya Waisnawa.