Pramuka, utawa sok uga karan pandhu utawa kepandhuan (b. Inggris: Scouting) iku siji obahan pemudda kang wis ngrambah ing saindhenging donya. Obahan kepandhuan dumadi saka warna-warna organisasi kapemudaan, kanggo priya lan wanita, kang tujuané kanggo nglatih fisik, mental lan spiritual para anggotané lan nyurung supaya ngayahi kagiyatan positif sajeroning masarakat. Tujuan iki direngkuh liwat program latihan lan pendhidhikan non-formal kepramukaan kang ngutamakaké aktivitas praktis ing lapangan. Wektu iki, ana punjul 38 yuta anggota pramuka saka 217 nagara lan teritori.
Tekan taun 2005, ana punjul 28 yuta anggota kadaftar kepanduan putra lan 10 yuta anggota kadaftar kepanduan putri ing saindhenging donya saka 216 nagara lan teritori sing béda.
Pratélan 20 nagara-nagara kanthi anggota pramuka paling akèh:
Nagara | Kaanggotaan [1][2] | Tahun Madeg | |
Kepanduan Putra | Kepanduan Putri | ||
Amérikah Sarékat | 9,500,000 | 1910 | 1912 |
Indonesia | 8,100,000 | 1912 | 1912 |
India | 3,700,000 | 1909 | 1911 |
Filipina | 2,600,000 | 1910 | 1918 |
Thailand | 1,400,000 | 1911 | 1957 |
Britania Raya | 1,000,000 | 1907 | 1909 |
Bangladesh | 950,000 | 1920 | 1928 |
Pakistan | 570,000 | 1909 | 1911 |
Kenya | 420,000 | 1910 | 1920 |
Koréa | 280,000 | 1922 | 1946 |
Kanada | 260,000 | 1908 | 1910 |
Jerman | 260,000 | 1910 | 1912 |
Jepang | 240,000 | 1913 | 1919 |
Italia | 210,000 | 1912 | 1912 |
Nigeria | 160,000 | 1915 | 1919 |
Polen | 160,000 | 1910 | 1910 |
Prancis | 150,000 | 1910 | 1911 |
Bèlgi | 150,000 | 1911 | 1915 |
Hong Kong | 150,000 | 1914 | 1916 |
Malaysia | 140,000 | 1911 | 1916 |
Bapak Pramuka Indonesia yaiku Sri Sultan Hamengkubuwono IX. Lambang saka obahan iki yaiku tunas klapa awit kabèh péranganing wit klapa iku duwèni manfaat. Dikarepaké kanthi lambang iku, para pramuka bisa mènèhi manfaat kanggo awaké dhéwé lan lingkungan saubengé.