Piperaceae
Piper nigrum, from Koehler (1887)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Magnoliidae
Ordho: Piperales
Famili: Piperaceae
Bercht. & J.Presl (1820)
genera

Arctottonia

Discipiper
Lepianthes
Macropiper
Manekia
Peperomia
Piper
Piperanthera
Pleiostachyopiper
Sarcorhachis
Trianaeopiper
Zippelia

Suku Sirih-sirihan utawa Piperaceae iku salah siji suku anggota tetuwuhan ngembang. Suku iki diakoni anané déning akèh sistem klasifikasi tuwuhan.

Sistem klasifikasi APG II nglebokaké ing sajeroning bangsa Piperales lan klad magnoliids.

Sistem klasifikasi Cronquist nglebokaké sajeroning bangsa Piperales, anak kelas Magnoliidae, lan kelas Magnoliopsida.

Kembangé majemuk, kasusun sajeroning rèntèngan (kembang rèntèng). Wohé cilik, garing, lan atos, kagolong woh watu.

Aanggotané watara 1.300 jinis (kanthi watara selusin genera), akèh sing dimanfaataké minangka bahan pangobatan utawa bumbu. Marga sing paling populèr yakuwi Piper. Mrica, sing putih lan sing ireng, minangka bumbu masak populèr asal saka wohé lada (P. nigrum). Sawisé uyah, mrica iki kalebu bumbon crakèn siyang paling umum dianggo ing saindhenging donya. Saka oyot Piper methyscum, sing ndunungi kawasan Pasifik gawé kava, ya iku sajinis ombènan sing gawé mabuk kanggo kaperluan upacara.