Piek Ardijanto Soeprijadi
BojoItiningsih

Piek Ardijanto Soeprijadi inggih punika sastrawan Indonésia angkatan 1966 ingkang miyos ing Magetan, Jawa Wétan tanggal 12 Agustus 1929 lan sampun séda ing Kutha Tegal, Jawa Tengah tanggal 22 Mèi 2001. Piek Ardijanto kalebet salah satunggalipun perintis Komunitas Negeri Poci ingkang ngedalaken antologi puisi Dari Negeri Poci saking taun 1993 dumugi sapunika.

Biografi

[besut | besut sumber]
Salah satunggalipun buku anggitan Piek

Piek Ardijanto sampun remen nyerat wiwit piyambakipun sekolah wonten ing SGA. Piyambakipun ugi remen ndhèrèk kathah lomba-lomba ngarang lan menang ing lomba-lomba punika, lajeng asiling karyanipun asring dipunkintun wonten ing kalawarta – kalawarta. Ing taun 1950, nalika piyambakipun dados guru ing SMP ing Gombong, piyambakipun saged ngasilaken kathah karya saking warahanipun guru musik ing SGA, kados ta ingkang kapacak wonten ing buku Puspa Rupa, (Jakarta, 1950). Wonten 14 penghargaan saking kathah lomba ngarang puisi, prosa, saha esai ing sadangunipun piyambakipun gesang. Wiwit saking lulus SR, piyambakipun lajeng mlebet SGB, lajeng saged mlebet ing SGA.[1]

Padamelanipun

[besut | besut sumber]

Ing antawisipun taun 1950 ngantos 1960, Piek Ardijanto ndhèrèk kursus PGSLP lan B1 ing Semarang. Sanajan sibuk piyambakipun tetep saged ngasilaken karya-karya wujud puisi, carkak, saha fragmen ingkang kapacak wonten ing kathah médhia massa ing antawasipun: Gelora, Basis Indonesia, Sastra, Horison, lan sanès-sanèsipun.Ing taun 1961, Piek pindhah tugas dhateng SMA 1 Kota Tegal. Piek ugi sampun naté dhateng Walanda saaking undhanganipun Radio Nedherland Wereldomrroep ing Hilversum kanthi tugas dados Juri Sayembara Menulis Cerpen “Kincir Emas”. Piyambakipun wonten ing Walanda sareng kaliyan Asbari Nurpatria Krisna.[2]

Buku anggitan piyambak

[besut | besut sumber]

Antologi sesarengan

[besut | besut sumber]

Antologi ingkang déréng dipunwedalaken

[besut | besut sumber]

Buku ingkang ngemot asma Piek

[besut | besut sumber]

Bebungah

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1] Soeprijadi (dipunundhuh tanggal 25 Januari 2013)
  2. [2] Ratusan Seniman Hadiri Haul Piek Ardijanto Suprijadi (dipunundhuh tanggal 25 Januari 2013