Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Peter Debye

Petrus Josephus Wilhelmus Debije (24 Maret 18842 November 1966) inggih punika salah satunggaling kimiawan fisika Walanda-Amérika Sarékat. Sasampunipun dados warga nagara Amérika Sarékat, piyambakipun ngéwahi namanipun kanthi resmi dados Peter Joseph William Debye.[1]

Peter Debye pikantuk Pangaji-aji Nobel babagan Kimia rikala taun 1936 kanggé sumbanganipun babagan struktur molekul, mliginipun kanggé karyanipun wonten ing momen dipol lan difraksi sinar X.

Pagesangan

[besut | besut sumber]

Peter "Pie" Debije miyos wonten ing Maastricht, lan sabibaripun nglampahi pendidikan wonten ing sekolah sakitaripun, piyambakipun wiwit sinau wonten ing Universitas Aachen Aachen, Jerman, antawis 30 km saking Maastricht (1901). Piyambakipun sinau babagan matematika lan fisika klasik, lan nalika taun 1905 pikantuk gelar babagan tèhnik elektro. Nalika taun 1907 piyambakipun nerbitaken artikel kapisananipu, sawijining solusi matematis ingkang saé kanggé prakawis ingkang nglibataken arus kisaran. Wonten ing Aachen piyambakipun sinau kaliyan fisikawan téorétis Arnold Sommerfeld, ingkang lajeng ngandharaken bilih penemon paling wigati inggih punika Peter Debye.[2]

Nalika taun 1906 Sommerfeld nampi pangangkatan wonten ing München lan Debije dipunangkat minangka asistènipun. Piyambakipun pikantuk gelar PhD kanthi disertasi babagan tekanan radiasi rikala taun 1908. Nalika taun 1910 piyambakipun mandhapaken ukum radiasi Planck kanthi migunakaken cara ingkang dipunakoni Max Planck langkung prasaja tinimbang caranipun piyambak.

Nalika Albert Einstein dados profésor wonten ing Praha rikala taun 1911, Debije pikantuk gelar profésor saking Zürich. Lajeng pindhah dhateng Utrecht rikala taun 1912, Göttingen wonten ing taun 1913, wangsul dhateng Zurich taun 1920, dhateng Leipzig taun 1927 lan dhateng Berlin nalika taun 1934, ing pundi piyambakipun dados dirèktur pérangan fisika wonten ing Institut Kaiser Wilhelm. Nalika taun 1935 piyambakipun dipunanugrahi Medali Lorentz. Wiwit taun 1935 dumugi taun 1937 piyambakipun minangka pamimpin Deutsche Physikalische Gesellschaft.[3]

Nalika taun 1913 piyambakipun palakrama kaliyan Mathilde Alberer, ingkang dipunparingi satunggal putra (Peter Paul Rupprecht, miyos 1916) lan satunggal putri (Mathilde Maria, miyos 1921). Peter samangké dados fisikawan lan makarya kaliyan bapakipun wonten ing sapérangan panaliténipun.

Sumbangan ilmiah

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. http://www.nobelprize.org/nobel_prizes/chemistry/laureates/1936/
  2. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-06-08. Dibukak ing 2013-01-28.((cite web)): CS1 maint: archived copy as title (link)
  3. http://nobel-prize-winners.sciencedaily.com/l/174/Peter-Debye[pranala mati permanèn]
  4. http://www.nndb.com/people/190/000099890/

Pranala njaba

[besut | besut sumber]