Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Pestisida utawa pembasmi hama yaiku bahan kang minangka ngendhalèkaké, nulak, narik kawigatèn, utawa mbasmi organisme pengganggu.[1] Tembung pestidida asalé saka pest (
"hama") kang diwènèhi tembung -cide ("pembasmi").[1] Sasarané manéka warna, kaya ta gegremet, tikus, gulma, manuk, mamalia, iwak, utawa mikroba kang dianggep ngganggu.[1] Padatan pestisida asipat racun, saéngga ing padinan pestisida asring diarani racun.[1]
Jinis
Miturut sasarané
Miturut sasarané (organisme penggangguné), pestisida diklompokaké dadi sawatara jinis, yaiku:
Avisida, kanggo ngracuni manuk perusak kasil pertanian
Repelen, pestisida kang ora asipat matèni, mung nudung hama
Atraktan, minangka narik kawigatèn gegremet
ZPT, minangka ngatur pertumbuhan tetuwuhan kang bisa macu pertumbuhan
Plant Activator, minangka ngrangsang tuwuhé kekebalan tetuwuhan, saéngga tahan lelara tartamtu.
Miturut sipaté
Miturut sipat, pestisida diklompokaké dadi telung jinis,[2] yaiku:
Wujud padhet
Wujud cair
Wujud keluk (aerosol)
Wujud gas (fumigan)
Miturut cara kerja
Racun kontak, bisa matèni sasaran yèn ngenani kulit sasarané[2]
Racun perut, bisa matèni sasaran yèn pestisida kepangan sasarané[2]
Fumigan, yaiku senyawa kimia kang bisa matèni sasaran liwat saluran ambegan[2]
Racun sistemik, yaiku pestisida kang didisep tetuwuhan, nanging ora nggawé tuna tetuwuhan. Gegremet kang mangan tuwuhan iku bisa mati ing bates wektu tartamtu.[2]
Miturut struktur kimia
Organoklorin
Organofosfat
Carbamat
Piretroid
Pengendalian pestisida
Pestisida kang minangka ngundhakaké kasil pertanian bisa nyebar lan nregeti panggonan liya.[3] Yèn iki kadadèn, pestisida bisa ngracuni iwak lan ngrusak ékologi lingkungan.[3] Pestisida bisa uga ngracuni makluk urip. Konsentrasi pestisida ing makluk urip bisa matikel-tikel amarga manéka warna kagiyatan.[3]
Mula, panggunaan pestisida prelu dikendhalèkaké kanggo ngindari masalah keracunan utawa prekara kang ora dikarepaké.[3] Nggunakaké pestisida kudu ngetutaké pituduh kang bener.[3] Sawayara prekawis kang kudu digatèkaké nalika nggunakaké pestisida, yaiku:
Mangertèni janis hama utawa lelara tuwuhan kang arep dibasmi.[3]
Mangertèni kaluwihan lan kekurangan saben pestisida kang dipilih.[3]
Ngetutaké aturan nggunakaké pestisida kang dipilih lan mesthèkaké yèn panggunaan pestisida mau ora nggawé rugi lingkungan ing saubengé.[3]