Pelem | |
---|---|
Woh pelem gedhong, saka Sumedang, Jawa Kulon | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Filum: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Anacardiaceae |
Génus: | Mangifera |
Spésies: | M. indica |
Jeneng binomial | |
Mangifera indica L. |
Pelem iku jeneng sajenis woh, mangkono uga jeneng wité.[1] Pelem kalebu ing marga Mangifera, kang kapérang saka 35-40 anggota, lan suku Anacardiaceae.[1] Jeneng ngèlmiahé yaiku Mangifera indica.[1]
Genus Mangifera duwé 62 ''spésies'', ananging kang ngasilaké woh kang énak mung 16 species.[1] Pelem kang dipangan awaké dhéwé saben dina, kaya ta pelem golèk kalebu species Mangifera indica L.[1]
Wit pelem kalebu tetuwuhan tingkat dhuwur kang struktur watangé éwoning ''arboreus'', yaiku tetuwuhan kayu kang dhuwuré watang punjul 5 m.[1] Dhuwuré wit pelem bisa nganti 10–40 m lan umuré bisa tekan 10 taun utawa luwih.[1] Pelem kang isih nom biayasané disenengi wong meteng.[2]
Pelem iku kalebu tuwuhan woh taunan kang asalé saka nagara India.[3] Tuwuhan pelem banjur nyebar ing tlatah Asia Tenggara, kalebu Malaysia lan Indonésia.[3]
Klasifikasi botani pelem yaiku:[3] Divisi: Spermatophyta Sub divisi: Angiospermae Kelas: Dicotyledonae Kulawarga: Anarcadiaceae Genus: Mangifera Spesies: Mangifera spp. Jinis pelem kang akèh ditandur ing Indonésia yaiku ''Mangifera indica L''.[3] Contoné pelem arumanis, golék, gedhong, manalagi lan cengkir lan ''Mangifera foetida'' kaya ta kemang dan kweni.[3]
Pusat tuwuhan pelem ing Pulo Jawa yaiku ing Probolinggo, Indramayu, Cirebon.[3] Tuwuhan pelem cocog urip ing laladan kanthi mangsa kering kurang luwih 3 sasi.[3] Mangsa kering iki dibutuhaké sadurungé lan yèn wayah ngembang.[3] Yèn ditandur ing laladan kang lembab, tuwuhan pelem bakal kena serangan ama lan lelara.[3] Saliyané iku bisa rontok kembang lan wohé yèn ngembangé wayah udan utawa mangsa rendheng.[3]
Pelem kang mateng bisa langsung dipangan dadi buah, rasané kang legi lan seger, dagingé kang empuk gawé wong akèh kang seneng pelem.[2] Pelem kang isih nom bisa diawetké kanthi kadar gula kang akèh dadi manisan basah lan kering.[2] Pelem kang durung mateng diarani kepoh, bajangan.[2]
Pelem duwé akèh variétas.[4] Kurang luwih ana 2.000 jinis pelem ing donya.[4] Saliayané rasané kang legi lan seger, pelem uga duwé khasiat kang migunani kanggo kaséhatan.[4] Woh pelem duwé zat-zat kang dibutuhaké awak.[4]
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan: Mangifera |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Mango. |
Deleng Uga Woh-wohan | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Anggur |
Apel |
Apokat |
Asem |
Bléwah |
Blimbing |
Blimbing wuluh | |||
Cempedak |
Durèn |
Dhondhong |
Dhuku |
Dhuwet |
Gedhang |
Jambu | |||
Jeruk |
Katès |
Kesemek |
Klapa |
Klèngkèng |
Manggis |
Nangka | |||
Nanas |
Pelem |
Rambutan |
Salak |
Sawo |
Semangka |
Srikaya |