Artikel iki ditulis nganggo basa krama.
Sri Paus Benediktus XVI
ꦧꦺꦤꦺꦢꦶꦏ꧀ꦠꦸꦱ꧀꧇꧑꧖꧇
Dilantik19 April 2005
Term endedsaweg tugas
SadurungéYohanes Paulus II
DiterusakéPaus Fransiskus
Detil pribadhi
Jeneng lairJoseph Alois Ratzinger
Lair16 April 1927
Pati31 Desember 2022
Vatikan
Other popes named Benediktus

Paus Benediktus XVI, asma resminipun Benedictus PP. XVI ing basa Latin, (miyos kanthi asma Joseph Alois Ratzinger tanggal 16 April 1927 ing Marktl am Inn, Bayern, Jerman), kapilih minangka Paus Gréja Katulik Roma tanggal 19 April 2005 lan njabat dumugi 28 Fèbruari 2013 lumantar pamunduran dhiri. Panjenenganipun punika Biskop Roma, pamimpin Nagara Kitha Vatikan lan Gréja Katulik Roma kalebet Gréja Katulik Wétan salebetipun komuni kaliyan Takhta Suci. Palantikan minangka Paus kanthi resmi dipunlampahaken lumantar Misa Palantikan Paus tanggal 24 April 2005.

Ing yuswa 78 taun, panjenenganipun punika Paus paling sepuh ingkang dipunlantik salebetipun 275 taun pungkasan wiwit Paus Klemens XII (ingkang kapilih nalika taun 1730 ing yuswa 3 wulan langkung sepuh saking Ratzinger).

Benediktus XVI wujud Paus turunan Jerman sepindhah wiwit Paus Adrianus VI (1522-1523) ingkang dipunwiyosaken ing wewengkon pérangan Jerman Kuna ingkang sapuniki dados péranganing nagari Walandi. Paus pungkasan ingkang asalipun saking Jerman Modhèrn punika Paus Viktor II ingkang tilar donya nalika taun 1057. Benediktus XVI wujud Paus Jerman kaping wolu salebetipun sajarah wiwit Paus turunan Jerman pisanan Paus Gregorius V.

Paus pungkasan ingkang gadhah sesebutan kapausan Benediktus, Paus Benediktus XV, tugas minangka paus wiwit taun 1914 dumugi 1922 nalika mangsa Perang Donya I.

Nalika tanggal 11 Fèbruari 2013, Benediktus XVI ngedalaken wara-wara pamunduran piyambakipun minangka paus amargi alasan kaséhatan. Panjenenganipun nélakaken badhé lenggah ing posisi paus dumugi tanggal 28 Fèbruari 2013. Kanthi pranyatan puniki, panjenenganipun punika paus kaping tiga salebetipun sajarah kapausan Katulik Roma ingkang mundurkan dhiri.

Ensiklik

[besut | besut sumber]

Sastra

[besut | besut sumber]

Seratan

[besut | besut sumber]

Réferènsi

[besut | besut sumber]


Cathetan suku

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]


Dipunrumiyini
déning:
Yohanes Paulus II
Paus
(daftar)
Dipunlajengaken
déning:
saweg tugas