Keterbelakangan mental iku nèk diterjemahaké dadi "pekok" misuh ora ya? Meursault2004ngobrol 14:57, 15 Februari 2008 (UTC)
Hahaha, nèk nèng nggonku padha waé "pekok" utawa "pengung". Malahan aku tau nduwé kenalan ing Surakarta sing omahé cedhak SLB (Sekolah Luar Biasa) banjur dhèwèké celathu: "Omahku kaé lho sing cedhaké sekolahé bocah-bocah pekok". Emboh kala kuwi mbokmenawa dhèwèké misuh. Meursault2004ngobrol 15:29, 17 Februari 2008 (UTC)
Aku lagi waé takon priyayi2 sepuh ing Sala, kok wangsulané malah didhawuhi nganggo tembang achterlijk sing saka basa Walanda ... Piyé ki komentar liyané :-) Meursault2004ngobrol 09:27, 18 Februari 2008 (UTC)
Yèn aku kok luwih sarujuk nganggo tembung idiot, kejaba luwih polupér katoné uga luwih sopan tinimbang "pekok", ora patiya kasar. Yèn "pengung" aku malah durung naté krungu. Tracygunemanku 06:53, 19 Februari 2008 (UTC)
Kaca parembugan yaiku papan kanggo rembugan amrih isi ing Wikipédia iku dadi luwih apik. Kowé bisa nganggo kaca iki saperlu rembugan karo liyan babagan pangrembakan kaca Laskar Pelangi.