Pananggalan Jawa utawa Kaléndher Jawa iku diétung miturut saka peredharané mbulan, kaya pananggalan Islam. Pananggalan liya ana kang dhasaré saka lakuné srengéngé. Miturut sajarah, sadurungé bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwé pananggalan dhéwé kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerané para among tani. Pranata mangsa iki dhedhasar perédharané rembulan (Komariah). Wiwitané pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawisé tanggal 10 April yaiku pungkasané mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) yaiku ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwèn saéngga dikukuhaké mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saéngga genep dadi rolas sasi. Pananggalan Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masèhi. Taun Saka padha karo Taun Masèhi yaiku didhasaraké saka perédharan srengéngé (Syamsiah). Pananggalan Saka uga mérang sataun dadi 12 sasi padha karo pananggalan Pranata mangsa lan pananggalan Masèhi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriyah utawa tanggal 8 Juli 1633, pananggalan Pranata Mangsa diowahi déning Sultan Agung lan dijumbuhaké karo pananggalan Hijriyah (Pananggalan Islam).[1]
Cacahing dina ing pananggalan Jawa (Saptawara) uga ana pitu kaya déné ing pananggalan Masèhi lan Hijriyah, mung pocapan lan cara panulisé waé kang rada béda, yaiku Ngaat, Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Sajeroning petungan Jawa, saben dina duwé sipat utawa watek dhéwé-dhéwé. Dina Ngaat, wateké samudhana, tegesé seneng imba-imba, dina Senèn wateké samuwa, tegesé kudu apik kabèh pakaryan, dina Selasa wateké sujana, tegesé sarwa ora percaya, dina Rebo wateké sembada, tegesé sarwa kuwat lan manteb, dina Kemis wateké surasa, tegesé seneng mikir jero, dina Jemuwah wateké suci, tegesé resik tingkahlakuné, déné dina Setu wateké kasumbung, tegesé seneng pamèr.
Arané dina ana ing pananggalan Jawa lan padhanané ing basa Jawa kuna, basa Indonésia lan basa Arab kaya mau ing tabel ngisor iki:
Tabel dina Jawa, Indonésia lan Arab/Islam | ||||
---|---|---|---|---|
Jeneng dina Jawa anyar | Jeneng dina Jawa kuna | Jeneng dina Indonésia | Jeneng dina Arab | Solah bulan marang bumi |
Ngaat/Minggu | Adité | Minggu | Ahad | Meneng |
Senèn | Soma | Senin | Itsnayn | Maju |
Selasa | Hanggara | Selasa | Tsalaatsa | Mundur |
Rebo | Buda | Rabu | Arba'a | Mangiwa |
Kemis | Respati | Kamis | Khamiis | Manengen |
Jemuwah | Sukra | Jum'at | Jum'aat | Munggah |
Setu | Tumpak | Sabtu | Sabt | Tumurun |
Kabudayan Jawa ngurmati dina-dina kang dianggep mulya utawa wigati. Ing dina-dina iki sawatara masarakat Jawa isih mèngeti kanthi manembah marang Gusti kang gawé urip.[2]. Dina mulya cacahé ana lima, yaiku:
Saliyané dina, ing pananggalan Jawa ana pétungan pasaran (pancawara) kang cacahé ana lima yaiku Pahing, Pon, Wagé, Kliwon lan Legi. Miturut pétungan Jawa, saben dina pasaran duwé watek dhéwé-dhéwé, yaiku Pahing wateké mélikan tegesé seneng marang barang kang katon, Pon wateké pamèr, tegesé seneng mamèraké kang didarbèni, Wagé wateké kedher utawa kaku atiné, Kliwon wateké micara yaiku seneng nggubah basa, lan Legi wateké komat utawa sanggup nampa warna-warna kaanan. Kanggo cethané jeneng pasaran, makna lan parapé kagambaraké tabel ing ngisor iki:
Tabel pasaran | ||||
---|---|---|---|---|
Pasaran | Makna | Patrap | ||
Pahing | Pait | Madhep | ||
Pon | Petak | Saré | ||
Wagé | Cemeng | Lenggah | ||
Kliwon | Asih | Jumeneng | ||
Legi | Manis | Mungkur |
Cacahing wulan ana ing pananggalan Jawa iku ana 12, nanging jeneng lan puterané ora padha karo pananggalan Masèhi, amarga diitung miturut perédharanné bulan. Yèn dipadhakaké karo pananggalan Masehi, saben taun ana gèsèh watara 11 dina.
Tabel wulan Jawa lan wulan Islam | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Jeneng wulan Jawa | Jeneng wulan Islam | Jeneng Jawa kuna | Makna | ||||
Sura | Muharram | Warana | Rijal | ||||
Sapar | Safar | Wadana | Wiwit | ||||
Mulud | Rabiul awal | Wijanga | Kanda | ||||
Bakdamulud | Rabiul akir | Wiyana | Ambuka | ||||
Jumadilawal | Jumadil awal | Widada | Wiwara | ||||
Jumadilakhir | Jumadil akir | Widarpa | Rahsa | ||||
Rejeb | Rajab | Wilapa | Purwa | ||||
Ruwah | Sya'ban | Wahana | Dumadi | ||||
Pasa | Ramelan | Wanana | Madya | ||||
Sawal | Syawal | Wurana | Wujud | ||||
Sela | Dzulkaidah | Wujana | Wusana | ||||
Besar | Dzulhijjah | Wujala | Suwung |
Umur saben sasi (wulan) ing pananggalan Jawa béda-béda, yaiku ana kang umur 29 dina lan ana kang umur 30 dina. Golongan kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip), katelu (Jimawal), kaenenm (Bé) lan kapitu (Wawu), golongan kaloro dumadi saka taun kaloro (Éhé), kapapat (Jé) lan kawolu (Jimakir), déné golongan katelu dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethané pirsani tabel ing ngisor iki:
Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Arbangiyah (Pananggalan Sultan Agung) | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Jeneng wulan Jawa | Jeneng wulan Islam | Taun Jawa 1,3,6,7 |
Taun Jawa 2.4.8 |
Taun Jawa 5 |
|||||
Sura | Muharram | 30 | 30 | 30 | |||||
Sapar | Safar | 29 | 29 | 30 | |||||
Mulud | Rabiul awal | 30 | 30 | 29 | |||||
Bakdamulud | Rabiul akir | 29 | 29 | 29 | |||||
Jumadilawal | Jumadil awal | 30 | 30 | 29 | |||||
Jumadilakhir | Jumadil akir | 29 | 29 | 29 | |||||
Rejeb | Rajab | 30 | 30 | 30 | |||||
Ruwah | Sya'ban | 29 | 29 | 29 | |||||
Pasa | Ramelan | 30 | 30 | 30 | |||||
Sawal | Syawal | 29 | 29 | 29 | |||||
Sela | Dzulkaidah | 30 | 30 | 30 | |||||
Besar | Dzulhijjah | 29 | 30 | 30 |
Taun Jawa cacahé ana wolu lan ditata sajeroning siklus wolung taunan kang ingaran windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, yaiku: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.
Ana sawatara ciri wigati sajeroning pranatan taun Jawa, yaiku: Nguri-uri kabudayan asli Jawa kaya déné pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalané), sarta Primbon lan pétungan Jawa liyané. Bisa nglestarèkaké kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan kagunan lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraské karo pétungan Arab kaya déné pananggalan Hijriyah kanggo nggampangaké mèngeti dina-dina riyaya lan ngibadah Islam. Jeneng taun kang luwih spèsifik yaiku yèn tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengaké taun Sukraminangkara (taun urang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Setu, dijenengaké taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateké: sithik udan. Yèn tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengaké taun Ditekalaba (taun klabang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Senèn, dijenengaké taun Somawertija (taun cacing), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Selasa, dijenengaké taun Anggarawrestija (taun kodok), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Rebo, dijenengaké taun Buda-wiseba (taun kebo), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Kemis, dijenengaké taun Respati-mituna (taun mimi), wateké: akèh udan.[4]
Jeneng lan umuré taun Jawa kaya kang mau ing ngisor iki:
Kurup iku wektu kang lawasé 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup. Jeneng kurup antarané:[6][7]
Miturut pétungan pananggalan Jawa, tanggal 15 Fèbruari 2010 iku tiba dina Senèn Wagé, tanggal 1 Mulud 1943 taun Dal. Kurup: Asapon (1936-2052), windu: Kuntara, lambang windu: Kulawu, lambang taun: Sukra Mangkara Kumarané rupa Mina Wiranggas, paarasan: Lakuning geni, pancasuda: Sagara Wasèsa, kamarokan: Satriya Pinayungan, watek sasi:Anggara kasih, watak dina: Bangas Padéwan. Mangsa: Kawolu (VIII Wisaka)(3-29 Fèbruari), wuku: Dhukut, lintang:Arab, padangon: Wogan, padéwan: Éndra, dina:Soma, paringkelan: Mawulu, pasaran: Wagé, lambang dina: jaran.[8]