Ombak ya iku prastawa munggah mudhuné partikel-partikel banyu.[1] Ombak uga bisa ditegesi obahé banyu sagara sing munggah mudhun utawa nggulung-nggulung.[2] Ana telung faktor kang njalari dumadiné ombak, ya iku pasang-surut (swell), angin pasisir (local wind), lan mudhun-munggahé massa watu ing dhasar samodra.[1] Pasang-surut banyu sagara iki amarga ana gaya gravitasi bulan.[1] Nalika bulan ing posisi celak karo lumah bumi, banyu sagara ing laladan iku ketarik déning gaya gravitasi bulan lan njalari banyu sagara pasang.[1] Déné ing laladan bumi liya kang adoh saka posisi bulan, banyu sagara surut. Obahé banyu sagara iki kanthi wujud ombak.[1]
Angin kang obah nerjang lumah sagara, sithik baka sithik minangka obahé ombak kang nggulung.[1] Saya kenceng angin kang nerjang lumah sagara, saya gedhé uga ombak kang dikasilaké.[1] Marga dhasar ombak kena dharatan nalika menyang pasisir, ombak ngalon amarga ana gèsèkan.[1] Nalika iku, pucuk ombak tetep lumaku banjur wutah.[1] Yèn ing sagara kadadéan gelombang ombak kang gedhé banget, ing pasisir bakal kawentuk pucuk ombak kang dhuwur lan wutahan kang gedhé.[1]
Obahé massa watu ing dhasar samodra uga njalari ombak.[1] Ombak sing kaya iki uga diwastani tsunami.[1] Nalika ana obah-obahan watu-watu ing dhasar sagara, ombak iku bakal njalari jundhulan ing lumah sagara ing dhuwuré.[1] Ombak iki ndarbèni ènergi kang gedhé, saéngga bisa njalari karusakan kang gedhé uga.[1] Ombak tsunami ngasilaké jinis wujud gelombang, ya iku gelombang positif lan gelombang négatif.[1] Gelombang positif kadadèn nalika banyu sagara ora surut kanthi amba ing laladan pasisir.[1] Déné gelombang négatif kadadèn yèn banyu sagara surut kanthi amba.[1]