Salinan Nihon Shoki saking jaman Azuchi-Momoyama (1599)

Nihon Shoki (日本書紀 Nihonshoki, Yamatobumi?) inggih punika satunggaling buku sajarah Jepang ingkang asalipun saking jaman Nara. Buku punika kalebet buku sajarah resmi ingkang tuwa dhéwé sarta taksih wonten dumugi sapunika [1]. Nihon Shoki ugi dipunwastani Nihongi (日本紀?)

Buku punika kalebet seri kapisan saking kempalan enem buku sajarah bangsa ingkang dipunwastani Rikkokushi. Buku punika rampung kaserat nalika taun 720 (taun kaping 4 jaman Yōrō) lan dipunsunting ing sangandhaping pengawasaning Pangeran Toneri.

Nihon Shoki sadaya wonten 30 jilid dipuntambah 1 jilid kanthi isi bagan silsilah (genealogi) ingkang ical. Jilid kapisan kawiwitan kanthi cariyos mitologi lan dipunpungkasi kaliyan sajarah ing jaman Kaisar Jitō. Isinipun buku dipunsusun kanthi cara kronologis, sarta dipunserat mawi BasaTionghoa Klasik (kanbun) kados panyeratan dhokumèn resmi kala punika.

Pratélan irah-irahan

Prosès panyuntingan

Benten kaliyan Kojiki, wonten ing buku Nihon Shoki boten dipunandharaken alesan, prosès panyusunan, lan nama panyusun. Andharan nembé kapanggihaken wonten ing buku sajarah Shoku Nihongi ingkang terbit salajengipun. Wonten ing Shoku Nihongi kaserat babagan "Saderengipun, Pangéran Toneri awit saking dhawuhipun kaisar sampun nyunting 'Nihongi', kala punika ngrampungaken, lajeng ngaturaken 30 jilid sajarah lan satunggal jilid bagan silsilah" (先是一品舎人親王奉勅修日本紀。至是功成奏上。紀三十巻系図一巻?).

Sumber

Nihon Shoki kinten-kinten dipunsusun saking manéka sumber ingkang langkung sepuh. Inga antawisipun kitab Teiki lan Kuji. Kalih kitab punika kalebet cathetan sajarah Jepang ingkang dipunkempalaken saking legenda kagunganipun maneika klan ingkang makaryo dhateng astana ing masa pamaréntahanipun Kaisar Kimmei kirang langkung tengahan abad kaping. Kajawi punika, Nihon shoki wosipun kutipan saking manéka dhokumèn ingkang sapunika sampun boten wonten.

Buku sajarah Tennōki lan Kokuki ingkang dipunsusun Pangeran Shotoku lan Soga no Umako ing taun 620 kinten-kinten kalebet buku sajarah ingkang langkung tuwa tinimbang Nihon Shoki, nanging telas kobong nalika wonten Prastawa Isshi ing taun 645 saéngga kedah dipunserat buku sajarah ingkang énggal.

Cathetan suku

  1. Nihon Shoki, (dipunakses tanggal 11 Fèbruari 2013)

Pranala njawi