Nia Ramadhani | |
---|---|
Lair | Prianti Nur Ramadhani April 16, 1990 Jakarta, Indonesia |
Bangsa | Indonesia |
Bojo | Anindra Ardiansyah Bakrie (o. 2010) |
Anak | 2 |
Wong tuwa |
|
Dulur |
|
Prianti Nur Ramadhani utawa kang luwih akrab diundang Nia Ramadhani yaiku aktris lan bintang iklan Indonesia kang lair ing Jakarta nalika tanggal 16 April 1990.[1] Dhèwèké kalebu artis wédok kang nganut agama Islam.[1] Nia Ramadhani tau pacaran karo penyanyi R&B, yaiku Ressa Herlambang, nanging ora suwé banjur pedhot.[1] Nia Ramadhani banjur pacaran karo Bambang Reguna Bukit utawa kang kondhang kanthi Bams, yaiku penyanyi utawa personèl saka grup band Samsons.[1] Hubungané karo Bams uga mung sedhéla, banjur pedhot.[1] Nia Ramadhani banjur pacaran karo putra ragilé Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono, yaiku Edi Baskoro, kang uga ponakané calon Gubernur Sulawesi Selatan, yaiku Syahrul Yasin Limpo, Adnan Puritcha Ichfan Yasin Limpo.[1] Nia Ramadhani ngrubah jenengé dadi Ramadhania Ardie Bakrie sawisé nikah karo putra pengusaha kaloka Aburizal Bakrie, Ardie Bakrie nalika tanggal 1 April 2010.[2]
Nia Ramadhani miwiti kariré awit umur 15 taun.[1] Sinétron kang kapisan dimainaké yaiku Siti Nurbaya.[3] Nia Ramadhani tau main ing pirang-pirang sinétron, kaya ta Alisha, Kisah Adinda, Benci Jadi Cinta, Soleha, Hey Cantik, Candy, Bembi, lan Diva.[1] Nia Ramadhani uga tau main ing sinétron sèrial, yaiku Bawang Merah Bawang Putih.[2] Nia Ramadhani uga tau main ing filem layar lebar kaya ta main ing filem horor Suster Ngesot.[1] Sawisé iku, Nia Ramadhani main ing filem horor Hantu Kreteg Ancol, lan ing taun 2008 kanthi filem kang irah-irahané Kesurupan.[1] Nia Ramadhani uga tau main ing iklan.[2] Iklan kang tau dimainaké Nia Ramadhani yaiku Frutamin.
Sinetron kang tau dimainake Nia Ramadhani yaiku:[1][2][3]
Film kang tau dimainake Nia Ramadhani yaiku:[1][2][3]