MiG-21 "Fishbed" | |
---|---|
Barkas:Pucki Dywizjon Lotniczy MiG-21 bis.jpg
| |
MiG-21 milik AURI di Museum Satria Mandala, Jakarta | |
Tipe | Pesawat tempur |
Produsen | Mikoyan-Gurevich OKB |
Pisanan mabur | 14 Juni 1956 |
Dikenalaké | 1959 |
Status | Operasional |
Pemakai | Uni Soviet India RomaniaVietnamIndonésia |
Cacah digawé | Luwih saka 11.000[1] |
Varian | Mikoyan Ye-150Mikoyan Ye-150Chengdu J-7 |
MiG-21F Fishbed ya iku pesawat tempur sergap berjarak endek lan wujud pesawat produksi génerasi pertama saka seri MiG-21 kang populer.[2] Prototipe saka pesawat iki, E-5 (diwaca Ye-5) mabur pertama kali ing taun 1955 lan muncul ing ngarep publik ing nalika dina penerbangan Soviet ing Lapangan Udara Tushino, Moskwa ing wulan Juni 1956. Nalika perang Vietnam, pesawat iki minangka nyerang armada pesawat Amérikah Sarékat, uga digunakaké ing perang Arab-Israèl, ing antarané Perang Enem dina lan Perang Yom Kippur, perang India-Pakistan, krisis Yaman lan pira-pira peperangan ing pira-pira pérangan donya katiga, saéngga pantas dijiluki AK-47 ing udara, utawa kerikil tajam saka wétan amarga pertamane pihak barat khususé Amérikah Sarékat nganggep remeh pesawat iki. punjul 30 nagara ing donya kalebu sekuthu Amérikah Sarékat migunakaké pesawat iki. kurang luwih ana 15 versi saka MiG 21 kang wis diprodhuksi, pira-pira diprodhuksi saliyané Uni Soviet. Kurang luwih ana 8000 pesawat iki wis diprodhuksi.
Soviet mènèhi lisensi kanggo memproduksi MiG-21 lan mesine marang Tiongkok ing taun 1961, lan produksi pertama kaline J-7 (Jianjiji-7 Fighter aircraft 7) migunakaké komponèn gaweyan Tiongkok dimulai awal 1964. lan penerbangan pertamane, pesawat kang dirakit ing Shenkang ing tanggal 17 Januari 1966, lan produksi saka Chengdu, J-7-I dimulai ing wulan Juni 1967. Sebanjure dimodifikasi kalebu pengembangan saka J-7-II / J-7B kang dimulai 1975 eng ngendi produksine diakui ing September 1979. Pengembangan saka F-7M lan J-7 III dimulai 1981. J-7 III ya iku pesawat tempur gaweyan Tiongkok kang madani MiG-21MF. terutama ngrancang ulang saka J-7 II, penerbangan pertama J-7 III ing 26 April 1984. kang wujud produksi bebarengan antarané Chengdu lan Guizhou (GAIC), Pesawat J-7 III lumebu dinas Angkatan Udara Tiongkok (PLA Air Force) lan Angkatan Laut 1992, kanti produksi berlanjut.
Produksi kang liya ya iku pesawat tipe F-7M Airguard kang produksine dimulai ing Dhésèmber 1984. ing taun 1988 Tiongkok ngirimake pertama 20 unit saka 60 F-7M Skybolts marang Pakistan. minangka upaya peningkatan kemampuan Karachi péngin supaya saknduwure kemampuan Grumman Sabre II, utawa F-7P. Produksi saka "Super 7" mandeg amarga Amérikah Sarékat narik panjurung lan bantuan teknike akibat peristiwa Tienanmen 1989.
Pesawat mau migunakaké swiwi delta. kanti mesin turbojet njero awak pesawat. kanti bolongan lumebu angin (small round air intake) ing irung pesawat lan duwé pembuangan udara (exhaust) tunggal. awak pesawat dawa kanti irng kang tumpul lan kanopi nggembung (bubble canopy). ana sirip ing pérangan weteng pesawat pérangan mburi. duwé sirip buntut tegak sayung memburi. ing modifikasi J-7FS ditambahake radar kanti mengkonfigurasi ulang air intake, kang ngendi "Super 7" kanti meng- upgrade sekabehane pérangan ngarep saka pesawat kanti nambahake radar pesawar kang ukurane gedhi saka versi sadurungé lan manggonake bolongan lumebu udapda pérangan weteng pesawat eng ngendi ing versi sadurungé owah-owahan iku ora dilakokake.
ing 1989 produksi Tiongkok rata-rata saben wulan ya iku rata-rata 14 pesawat aircraft per wulan, mligi kanggo ekspor. Pesawat J-7 diprodhuksi kanthi gedhi-gedhian déning Tiongkok, kanggo ngganti pesawat J-6, versi Tiongkok saka MiG-19. ing taun 1995, diproyeksikake produksi J-7 bakal terus berlanjut nganti dekade ebanjure nambah total produksi meh 1000 pesawat ing taun 2005, nanging ing nyatane inventaris PLA Air Force (Tiongkok) jumlahe 500 pesawat, kang kemungkinan produksine bakal mandeg.
Pesawat MiG-21 dipikoleh Amérikah Sarékat liwat program Foreign Materiel Acquisition/Exploitation kang ditandai kanti YF-110.
Sukhoi Su-7, Su-11, Su-22 Fitters, Mirage III, A-4 Skyhawk
F-7, F-8, JL-9
Drop Tank (Tanki bahan bakar cadangan):
Afganistan, Albania (J-7), Aljazair, Angola, Azerbaijan, Bangladesh, Bulgaria, Myanmar, Kamboja, Cina (J-7), Kongo, Kroasia, Kuba, Ceko, Mesir, Ethiopia, Finlan Jerman Timur, Guyana, Honggari, India, Indonésia, Iran, Irak, Kazakhstan, Laos, Libya, Madagaskar, Mali, Mongolia, Mozambik, Nigeria, Koréa Utara, Yaman, Pakistan (J-7), Polen Rumania, Slowak, Sri Lanka, Sudan, Syria (Suriah), Tanzania, Vietnam, Yugoslavia (Serbia-Montenegro), Zambia, Zimbabwe
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Mikoyan-Gurevich MiG-21. |
Cithakan:Mikoyan aircraft
Cithakan:Pesawat militèr-stub