Giorgio Agamben, Edward Said, Pierre Bourdieu, Ian Hacking, Judith Butler, Friedrich Kittler, Arnold Davidson, Gilles Deleuze, David Halperin, Donna Haraway, Hubert Dreyfus, Paul Rabinow, Jacques Rancière, Hans Sluga, Nikolas Rose, Partha Chatterjee, Antonio Negri, Michael Hardt, Félix Guattari, Richard J.F. Day, Bernard Harcourt, Jonathan Simon, Mariana Valverde.
Paul-Michel Foucault (lair ing Poitiers, 15 Oktober1926 – pati ing Paris, 25 Juni1984 ing umur 57 taun) ya iku pawongan filsufPerancis, sajarahwan, intelektual, kritikus, lan sosiolog.[1] Sakwene uripé , dhèwèké nyekel kursi kursi kalungguhan ing Collège de France, amarga karyané kang kanti judhul Sajarah sistem pamikir (History of Systems of Thought) lan uga ngajar ing Universitas California, Berkeley.[1]
Foucault paling dikenal kanti panalitèn tajame sajrone babagan institusi sosial, mligi psikiatri, kadhokteran, ngèlmu-ngèlmu kamanungsan lan sistem kunjara, lan karya-karyané babagan sajarah seksualitas.[1] Karyane kang nelaah kekuasaan lan gayutan antarané kekuasaan, kawruh lan diskursus wis akèh diperdebatake kanthi amba.[1] Nalika taun 60-an Foucault kerep diasosiasikake kanti obahan strukturalis.[1] Foucault banur ngadoh saka obahan pamikir iki.[1] Meski kerep dikarekterisasikake minangka pawongan posmodernis, Foucault mesti nolak label Posstrukturalis lan posmodernis.[1]
Nalka usia 25 taun dhèwèké nampa Agregasi lan nalika taun 1952 éntuk Diploma sajrone psikologi.[1] Nalika taun 1950 dhèwèké kerja ing Rumah Sakit Jiwa lan nalika taun 1955 mulang ing Universitas Uppsala, Swèdhen. Karya pertamane kang judhulé Kegilaan lan ora nalar: Sajarah nalika Jaman Klasik, dipresentasikake kanggo nempuh gelar dhoktorale ing taun 1959 kanti bimbingan Georges Canguilhem.[1] Karya mau banjur diterbitake ing taun 1961.[1] Nalika taun 1970, dhèwèké diangkat minangka dhosèn Sajarah Sistem Pemikiran ing Perancis.[1]
Dhèwèké séda taun 1984.[1]
Sacara kronologis, bisa dideleng perjalanan urip Foucault kaya mengene:[2]
1967 kapilih minangka profesor ing Universitas Paris, ing Naterre, nanging balek manèh marang Tunisia nalika mantri pendhidhikan nunda ratigikasi saka pemilihan iku[2]
1968 ngabdi minangka pimpinan ing departemen filsafat ing ekperimen anyar ing Vincennes[2]
1969 kapilih ing Kolese Perancis kanti karya "Sajarah saka Sistem Pemikiran"[2]