Mbah Surip kang jeneng asliné Urip Ariyanto iku musisi Indonésia kang unik.[1] Ciri kas Mbah Surip iku rambut gimbal ala Rasta kaya penyanyi reggae lan ngguyune kang kas, Hah..hah..hah..hah... I Love You Full...[1][2] Panjenengane miyos ing Mojokerto, 5 Mèi 1949.[1] Asmane dadi misuwur jalaran lagu "Tak Gendong" kang asring diputer ing TV.[1] Lagu iki karipta nalika Mbah Surip nyambut gawé ing Amérikah Sarékat taun 1983.[1] Sadurungé dadi seniman, panjenengané nglakoni saanane pagawéan.[1] Panjenengane naté nyambut gawé ing pengeboran lenga, panambangan berleyan, lan naté nyambut gawé ing manca nagara kaya Kanada, Texas, Yordania, lan California.[1]
Mbah Surip séda dina Selasa, 4 Agustus 2009 tabuh 10.30 WNIK. Panjenengane disarekake ing Aula Bengkel Teater Rendra, Kampung Rawa Rt 002/05 Cipayung Jaya, Pancuran Mas Dhépok, Jawa Wétan.[1][3]
Ing jagading musik, panjenengané wus ngetokaké sapérangan album wiwit taun 1997.[1] Albume ya iku: