Charles Lutwidge Dodgson | |
---|---|
Jeneng pèn | Lewis Carroll |
Pakarya | Panulis, Matématikawan, Pendhéta Anglikan, Fotografer |
Bangsa | Inggris |
Gènre | Dongèng, Carita Fantasi, Puisi |
Karya gedhé | Alice's Adventures in Wonderland Through the Looking-Glass The Hunting of the Snark Jabberwocky |
Lewis Carroll (nama samaran saking Charles Lutwidge Dodgson) punika juru nyerat, juru foto, pandhita Anglikan, lan juru widyaétung asal Inggris ingkang nyerat dongèng bocah misuwur, Alice's Adventures in Wonderland.[1] Lewis Carroll nyinaoni èlmu widyaétung (matématik) lan logika ing Universitas Oxford dumugi dados guru ing panggènan wau.[2] Nalika taun 1861, panjenenganipun dados satunggiling dhiakon ing Gréja Katedral Kristus sasampunipun nampi préntah suci lan gadhah komitmen boten palakrami.[1] Nalika taun 1865, panjenenganipun mbabar dongèng lengkap Alice's Adventures in Wonderland ingkang ing salebetipun wonten ilustrasi pepethan John Tenniel.[2] Nalika taun 1871, sèkuèl dongèng mau kababar kanthi sesirah Bujung Snark (The Hunting of The Snark) lan panjenenganipun ugi nyerat gurit panjang asesirah Lumantar Pangilon (Through the looking-glass).[2]
((cite news))
: |first=
missing |last=
(pitulung)
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Lewis Carroll |