Lembaga Administrasi Nagara utawi kang disingkat LAN inggih punika salah satunggalipun Lembaga pamaréntah Non Departemen (LPND) kang gadhah tugas nglajengaken tugas papréntahan wonten babagan administrasi nagara déning peraturan perundhang-undhangan kang wonten.[1]
Tugas saking LAN inggih punika nglajengaken kajian, ngawontenaken panaliten, pangembangan, pambinaan, koordinasi, ngawontenaken fasilitas kanggé administrasi lan damel ketentuan administrasi nagara. Wewenangipun saking LAN punika damel rencana nasional, ngrumusaken kabijakan, lan panetepan sistem informasi ing babagan administrasi
Lembaga Administrasi Nagara dipunyasa ing taun 1957 kang dipundasaraken déning Peraturan pamaréntah Nomor 30 Tahun 1957. Punika LAN dipunatur déning:[2]