Lading
Péso

Lading utawa mau uga kanthi jeneng péso yaiku sawijining piranti kanggo ngiris, nugel/ngethok lan nyuduk. Lading lumrahé kawangun saka piranti pangiris lan garan. Piranti pangiris lumrahé kagawé saka wesi utawa waja.

Lading dumadi saka rong pérangan, pérangan kang sepisanan yaiku garan kanggo cekelan lan pérangan kapindho yaiku wilahan.[1] Wilahan lading kagawé saka wesi/waja kang diwangun tipis lan dilandhepaké.[1] Garan lading lumrahé digawé sadawané cekelan tangan.[1] Lading wanguné mèmper pedhang.[1] Bédané yèn pedhang duwé wilah kang luwih dawa tinimbang lading.[1] Ana uga lading kang kagawé saka bahan 'anti karat'.[1] Saéngga ora gampang téyéngen.[1] Nalika kethul lading bisa diungkal/diasah saéngga dadi landhep manèh.[1]

Manawa lading ora kuwagang kanggo ngethok salah sijiné barang, bisa dipigunakaké graji utawa kapak.

Jinis

[besut | besut sumber]

Gladri

[besut | besut sumber]

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h artikata.com(diundhuh tanggal 8 Juni 2011)
  2. a b c d e f g cookingforengineers.com Archived 2011-06-12 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 8 Juni 2011)