Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Kripik

Kripik iku nyamikan kang wujud irisan woh-wohan, pala kependhem, godhong-godhongan lan liya-liyané kang digorèng nganti garing.[1] Contoné ya iku kripik gedhang, kripik téla, kripik bayem, kripik témpé, kripik apel lan kripik-kripik liyané. Karebèn rasané gurih lan garing, adaté kripik iku digorèng nganggo glepung. Adaté kripik iku digorèng, nanging ana uga kang namung dipépé utawa digaringaké. Kripik iku adate duwé rasa asin, pedhes, legi, kecut lan gurih, nanging utawa camborané rasa-rasa mau.

Cathetan sikil

  1. "Tegesing kripik". Diarsip saka sing asli ing 2012-05-11. Dibukak ing 2012-09-20.